Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 40
31–32 dari 143
309–318 dari 1.427
08.10 sapraptane dhatêng ingkang rayi | nulya muwus alon | payo lunga yayi saking kene | sami kesah kang rare kêkalih | wontên dhatêng malih | gêgaman kang nusul ||
08.11 langkung kathah gêgaman kang prapti | angêpung angrampok | Selarasa aris ing wuwusing |[1] kakang ika padha têka maning | nulya dèn tubaki | wong kathah maribuh ||
08.12 pangamuke wong loro lir têrjit | tan kêna rinampok | kang sawênèh kang sawênèh karêbut tubake |[2] Selarasa sampun malês malih | kang katubak mati | ana kang kagêbuk [[f. 28v]] ||
08.13 Selagănda èngêt kang nèng wuri | ing sanake karo | pan mêlajêng dèn pariksa gone | tan katingal gone wus têbih |[3] cangkelak |[4] dhatêng arinipun ||
08.14 kang sawênèh tinubak[5] kêkicir | ana gêro-gêro | jaluk tulung wus adoh bature | pan wus kundur gêgaman rong biting | dening wong kêkalih | pêrkosane langkung ||
08.15 sampun sirna kudur punang baris | mêlayu punang wong | Selagănda aris ing wuwuse | payo yayi mêlayu dèn aglis | mupung kudur sami | yayi baris wau ||
08.16 nêdha kakang kita padha nuli | nusul kakang êmbok | baris wau wus mulih kuthane | pasthi matur marang gustinèki | tan wande angukih | sêparan dèn susul ||
08.17 gêgancangan Selarasa kalih | kawuwusa mangko | baris ika kang kudur lampahe | ana bêncah ana ingkang kanin | miwah ingkang mati | sawênèh dèn tandhu ||
08.18 dyan warnanên lampahe Rumsari | nusup ing gêrumbul |[6] ing gigir wukir ika ênggèning |[7] Selasyara wêlas aningali | lingira amanis | adhuh sanak ingsun ||
08.19 kakang êmbok mangke botê[8] nanggê |[9] mêsah sampun adoh | yèn [[f. 29r]: yè...n] lumampah dipun ririh bae | bilih dados gêrah dika gusti | wong tate amukti | tan ilok lumaku ||
31–32 dari 143

 


Biasanya guru lagu e: wuwuse. (kembali)
Lebih empat suku kata: kang sawênèh karêbut tumbake. (kembali)
Kurang satu suku kata: tan katingal ênggone wus têbih. (kembali)
Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu i: cangkelak abalik. (kembali)
tinumbak (dan di tempat lain). (kembali)
Biasanya guru lagu o. (kembali)
Biasanya guru lagu e: ênggène. (kembali)
botên. (kembali)
Biasanya guru lagu i: nanggi. (kembali)