Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 40
32–33 dari 143
314–323 dari 1.427
08.15 sampun sirna kudur punang baris | mêlayu punang wong | Selagănda aris ing wuwuse | payo yayi mêlayu dèn aglis | mupung kudur sami | yayi baris wau ||
08.16 nêdha kakang kita padha nuli | nusul kakang êmbok | baris wau wus mulih kuthane | pasthi matur marang gustinèki | tan wande angukih | sêparan dèn susul ||
08.17 gêgancangan Selarasa kalih | kawuwusa mangko | baris ika kang kudur lampahe | ana bêncah ana ingkang kanin | miwah ingkang mati | sawênèh dèn tandhu ||
08.18 dyan warnanên lampahe Rumsari | nusup ing gêrumbul |[1] ing gigir wukir ika ênggèning |[2] Selasyara wêlas aningali | lingira amanis | adhuh sanak ingsun ||
08.19 kakang êmbok mangke botê[3] nanggê |[4] mêsah sampun adoh | yèn [[f. 29r]: yè...n] lumampah dipun ririh bae | bilih dados gêrah dika gusti | wong tate amukti | tan ilok lumaku ||
08.20 Ni Rumsari lingira amanis | yayi padha asuh |[5] arêp rèrèn i kusambi kene | pêgêl têmên ingsun iki |[6] rèrèn angêntèni | marang ariningsun ||
08.21 Selasyara mangke anuruti | sakarsa kang êmbok | arèrèna sor kusambi kene | kakang êmbok kantuna ing ngriki | sêmange kang ati | marang ariningsun ||
08.22 yèn kawula kakang nora balik | pasthi pêjah lonjor | dika kesah ing desa kang gêdhe | Ni Rumsari wuwusing amanis | lêng sabaya pati | sun tan bêtah kantun ||
08.23 dyan warnanên wau ingkang ngikil | samya papêlayon | Selagănda Selarasa mangke | gêgêr wukir ingkang dipun idêri |[7] tan dangu kêpanggih | kang raka dulu |[8]|
08.24 Selasyara ningali kang rayi | rinangkul sakaro | nyanisun[9] wus mati karone |[10] ora nyana têtêmu karone |[11] Rumsari anangis | adhuh ariningsun ||
32–33 dari 143

 


Biasanya guru lagu o. (kembali)
Biasanya guru lagu e: ênggène. (kembali)
botên. (kembali)
Biasanya guru lagu i: nanggi. (kembali)
Biasanya guru lagu o: yayi padha aso. (kembali)
Kurang dua suku kata: pêgêl têmên ingsun iki yayi. (kembali)
Lebih satu suku kata: gêgêr wukir kang dipun idêri. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang raka andulu. (kembali)
nyananingsun. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: nyananingsun wus mati karone. (kembali)
11 Biasanya guru lagu i. (kembali)