Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 40
33–34 dari 143
322–331 dari 1.427
08.23 dyan warnanên wau ingkang ngikil | samya papêlayon | Selagănda Selarasa mangke | gêgêr wukir ingkang dipun idêri |[1] tan dangu kêpanggih | kang raka dulu |[2]|
08.24 Selasyara ningali kang rayi | rinangkul sakaro | nyanisun[3] wus mati karone |[4] ora nyana têtêmu karone |[5] Rumsari anangis | adhuh ariningsun ||
08.25 samya lèrèh ing soring kusambi | wong sêkawan asuh |[6] Selasyara aris ing wuwuse | musuhira yayi onèng ngêndi | kang rayi nauri | maksih wontên pungkur ||
08.26 margi agêng wau kang dèn titih [[f. 29v]] | barise agalong[7] | kawula nimpang ing wona age | tan anyana kawula kêpanggih | mèh bae ngêmasi | duk aprang ing wau ||
08.27 Ni Rumsari angrangkul kang rayi | adhuh sanak ingong | kanugrahaning Allah dadine | dangu gusti kasaput ing wêngi | [...] | [...] ||[8]
08.28 [...] | bang-bang wetan miyos | Ni Rumsari aris awuwuse | lêsu têmên awak ingsun iki | angambila warih | karo ariningsun ||[9]
08.29 Selasyara akèn ingkang rayi | ariningsun karo | ngulatana toya sampun age | Selagănda Selarasa amit | samya angulati | tumidak mangulo[10] |[11]|
08.30 pêpisahan dènnya angulari | toya sangsaya doh | dyan warnanên ingkang kari gone | Ni Rumsari lingira amanis | ingsun arsa yayi | sadhela aturu ||
08.31 Selasyara sabdane amanis | dawêk kakang êmbok | dika sare kula kêmitane | ing tyas kadi dulur sayakti |[12] ing pangidhêpnèki | lintang marminipun ||
08.32 Selasyara sigra dènnya ngambil | roning jati anom | pan kinarya lèmèt[13] asare |[14] nulya glis angêmpar tumuli |[15] anendra Rumsari | Selasyara tunggu ||
33–34 dari 143

 


Lebih satu suku kata: gêgêr wukir kang dipun idêri. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang raka andulu. (kembali)
nyananingsun. (kembali)
Kurang satu suku kata: nyananingsun wus mati karone. (kembali)
Biasanya guru lagu i. (kembali)
Biasanya guru lagu o: wong sêkawan aso. (kembali)
agolong. (kembali)
Kurang dua gatra: ke-5 (6i) dan ke-6 (6u). (kembali)
Kurang satu gatra: ke-1 (10i). (kembali)
10 mangulon. (kembali)
11 Biasanya guru lagu u. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: ing tyas kadi sadulur sayakti. (kembali)
13 lèmèk. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: pan kinarya lêlèmèk asare. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: nulya aglis angêmpar tumuli. (kembali)