Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 40
33–34 dari 143
326–335 dari 1.427
08.27 Ni Rumsari angrangkul kang rayi | adhuh sanak ingong | kanugrahaning Allah dadine | dangu gusti kasaput ing wêngi | [...] | [...] ||[1]
08.28 [...] | bang-bang wetan miyos | Ni Rumsari aris awuwuse | lêsu têmên awak ingsun iki | angambila warih | karo ariningsun ||[2]
08.29 Selasyara akèn ingkang rayi | ariningsun karo | ngulatana toya sampun age | Selagănda Selarasa amit | samya angulati | tumidak mangulo[3] |[4]|
08.30 pêpisahan dènnya angulari | toya sangsaya doh | dyan warnanên ingkang kari gone | Ni Rumsari lingira amanis | ingsun arsa yayi | sadhela aturu ||
08.31 Selasyara sabdane amanis | dawêk kakang êmbok | dika sare kula kêmitane | ing tyas kadi dulur sayakti |[5] ing pangidhêpnèki | lintang marminipun ||
08.32 Selasyara sigra dènnya ngambil | roning jati anom | pan kinarya lèmèt[6] asare |[7] nulya glis angêmpar tumuli |[8] anendra Rumsari | Selasyara tunggu ||
08.33 gènnya aguling naga kapulir | sumukêm kang wangkong | asta kiwa năngga pêbayune[9] | asta têngên asri năngga pipi | wajanipun kengis | lir tètèsing banyu [[f. 30r]] ||
08.34 sêsinome lir kasilir ing angin |[10] saya angrêrompyoh | manggis karêngat gêsêng lathine | gêlung lukar kakêmbên ngisis |[11] pêbayun sasisih | katingal umancur ||
08.35 Selasyara awêlas ningali | ing manahe ewor | pan kagiwang amawang wêrnine | pabayune lir pendah gadhing |[12] anayuta kapti | amuwus jro kalbu ||
08.36 daulate ingkang ngagêm bijing | marang kakang êmbok | dening tuhu endah ing warnane | pêbayuning dening bundêr kuning | ing karsanerèki | tinutupan kampuh ||
33–34 dari 143

 


Kurang dua gatra: ke-5 (6i) dan ke-6 (6u). (kembali)
Kurang satu gatra: ke-1 (10i). (kembali)
mangulon. (kembali)
Biasanya guru lagu u. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing tyas kadi sadulur sayakti. (kembali)
lèmèk. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan kinarya lêlèmèk asare. (kembali)
Kurang satu suku kata: nulya aglis angêmpar tumuli. (kembali)
pêmbayune (dan di tempat lain). (kembali)
10 Lebih satu suku kata: sêsinome lir kasilir angin. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: gêlung lukar kakêmbêne ngisis. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: pambayune lir pendah gêgadhing. (kembali)