Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 40
33–34 dari 143
330–339 dari 1.427
08.31 Selasyara sabdane amanis | dawêk kakang êmbok | dika sare kula kêmitane | ing tyas kadi dulur sayakti |[1] ing pangidhêpnèki | lintang marminipun ||
08.32 Selasyara sigra dènnya ngambil | roning jati anom | pan kinarya lèmèt[2] asare |[3] nulya glis angêmpar tumuli |[4] anendra Rumsari | Selasyara tunggu ||
08.33 gènnya aguling naga kapulir | sumukêm kang wangkong | asta kiwa năngga pêbayune[5] | asta têngên asri năngga pipi | wajanipun kengis | lir tètèsing banyu [[f. 30r]] ||
08.34 sêsinome lir kasilir ing angin |[6] saya angrêrompyoh | manggis karêngat gêsêng lathine | gêlung lukar kakêmbên ngisis |[7] pêbayun sasisih | katingal umancur ||
08.35 Selasyara awêlas ningali | ing manahe ewor | pan kagiwang amawang wêrnine | pabayune lir pendah gadhing |[8] anayuta kapti | amuwus jro kalbu ||
08.36 daulate ingkang ngagêm bijing | marang kakang êmbok | dening tuhu endah ing warnane | pêbayuning dening bundêr kuning | ing karsanerèki | tinutupan kampuh ||
08.37 nanging ta lah kagêpoka iki | kagèt kakang êmbok | puwarane cuwa gène asare |[9] arêp ingsun ara ingkang nutupi |[10] manawa jalmi |[11] liwat pan kadulu ||
08.38 nadyan sato kewan aningali | ing sabêlah yèn tinon |[12] endah têmên ingsun tutupane | mêsakakên sanak ingsun iki | sarya dipun lingling | warnane Rumsantun ||
08.39 nulya sira ajuput[13] tumuli | ujung ingkang dodot | inguculan saking bêbêngkunge | kampuh gadhung gandaning awangi | sinasaban ririh | tur sarya amuwus ||
08.40 adhuh kakang sanak ingsun gusti | kasumaning wadon | badhenipun bisun ing jodhone | sun tatêdha ing Sukma kang luwih | lakia prayayi | kang kêna sinungsung [[f. 30v]] ||
33–34 dari 143

 


Kurang satu suku kata: ing tyas kadi sadulur sayakti. (kembali)
lèmèk. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan kinarya lêlèmèk asare. (kembali)
Kurang satu suku kata: nulya aglis angêmpar tumuli. (kembali)
pêmbayune (dan di tempat lain). (kembali)
Lebih satu suku kata: sêsinome lir kasilir angin. (kembali)
Kurang satu suku kata: gêlung lukar kakêmbêne ngisis. (kembali)
Kurang satu suku kata: pambayune lir pendah gêgadhing. (kembali)
Lebih satu suku kata: puwara cuwa gène asare. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: arêp ingsun ora kang nutupi. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: manawa na jalmi. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: ing sablah yèn tinon. (kembali)
13 anjuput. (kembali)