Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
8 dari 40
34–35 dari 143
334–343 dari 1.427
| 08.35 | Selasyara awêlas ningali | ing manahe ewor | pan kagiwang amawang wêrnine | pabayune lir pendah gadhing |[1] anayuta kapti | amuwus jro kalbu || |
| 08.36 | daulate ingkang ngagêm bijing | marang kakang êmbok | dening tuhu endah ing warnane | pêbayuning dening bundêr kuning | ing karsanerèki | tinutupan kampuh || |
| 08.37 | nanging ta lah kagêpoka iki | kagèt kakang êmbok | puwarane cuwa gène asare |[2] arêp ingsun ara ingkang nutupi |[3] manawa jalmi |[4] liwat pan kadulu || |
| 08.38 | nadyan sato kewan aningali | ing sabêlah yèn tinon |[5] endah têmên ingsun tutupane | mêsakakên sanak ingsun iki | sarya dipun lingling | warnane Rumsantun || |
| 08.39 | nulya sira ajuput[6] tumuli | ujung ingkang dodot | inguculan saking bêbêngkunge | kampuh gadhung gandaning awangi | sinasaban ririh | tur sarya amuwus || |
| 08.40 | adhuh kakang sanak ingsun gusti | kasumaning wadon | badhenipun bisun ing jodhone | sun tatêdha ing Sukma kang luwih | lakia prayayi | kang kêna sinungsung [[f. 30v]] || |
| 08.41 | kula kakang ing benjang arabi | yèn dika wus jodho | akramaa uliha wong gêdhe | kawula bijing dadi pêpatih | Rumsari ngulisih[7] | mênggah gènnya turu || |
| 08.42 | kêmul kengis ingkang munggèng sikil | wêntisira katon | Selasyara anyadhak[8] kampuhe | kinêmulan mangke Ni Rumsari | kakêmbên kawingkis | pêbayun kadulu || |
| 08.43 | Selasyara angling ing jro ngati | kapriye ing mangko | yèn sun bênêrêna kakêbêne[9] | ala rogane jalu lan èstri | bok ana ingbêlis[10] | angaru maringsun || |
| 08.44 | nanging bala sun wêtarèng ati | ingsun yèn mêngkono | aduwèni walang ati seje | sapa ngandêl ing sarira mami | sadulure mangke |[11] kêpanggih ing besuk || |
34–35 dari 143
| 1 | Kurang satu suku kata: pambayune lir pendah gêgadhing. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: puwara cuwa gène asare. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: arêp ingsun ora kang nutupi. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: manawa na jalmi. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: ing sablah yèn tinon. (kembali) |
| 6 | anjuput. (kembali) |
| 7 | ngulisik. (kembali) |
| 8 | anyandhak (dan di tempat lain). (kembali) |
| 9 | kakêmbêne. (kembali) |
| 10 | ibêlis. (kembali) |
| 11 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |