Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 40
34–35 dari 143
336–345 dari 1.427
08.37 nanging ta lah kagêpoka iki | kagèt kakang êmbok | puwarane cuwa gène asare |[1] arêp ingsun ara ingkang nutupi |[2] manawa jalmi |[3] liwat pan kadulu ||
08.38 nadyan sato kewan aningali | ing sabêlah yèn tinon |[4] endah têmên ingsun tutupane | mêsakakên sanak ingsun iki | sarya dipun lingling | warnane Rumsantun ||
08.39 nulya sira ajuput[5] tumuli | ujung ingkang dodot | inguculan saking bêbêngkunge | kampuh gadhung gandaning awangi | sinasaban ririh | tur sarya amuwus ||
08.40 adhuh kakang sanak ingsun gusti | kasumaning wadon | badhenipun bisun ing jodhone | sun tatêdha ing Sukma kang luwih | lakia prayayi | kang kêna sinungsung [[f. 30v]] ||
08.41 kula kakang ing benjang arabi | yèn dika wus jodho | akramaa uliha wong gêdhe | kawula bijing dadi pêpatih | Rumsari ngulisih[6] | mênggah gènnya turu ||
08.42 kêmul kengis ingkang munggèng sikil | wêntisira katon | Selasyara anyadhak[7] kampuhe | kinêmulan mangke Ni Rumsari | kakêmbên kawingkis | pêbayun kadulu ||
08.43 Selasyara angling ing jro ngati | kapriye ing mangko | yèn sun bênêrêna kakêbêne[8] | ala rogane jalu lan èstri | bok ana ingbêlis[9] | angaru maringsun ||
08.44 nanging bala sun wêtarèng ati | ingsun yèn mêngkono | aduwèni walang ati seje | sapa ngandêl ing sarira mami | sadulure mangke |[10] kêpanggih ing besuk ||
08.45 dèn lêrêskên wau kêmule maning |[11] jajane kagêpok | Ni Rumsari angêlilir gulinge |[12] pan tangginas Rumsari nyêkêli | tênggêke kang rayi | anulya rinangkul ||
08.46 panyanane andarbèni kapti | sarya adhuh alon | Selasyara arum pamuwuse | kakang êmbok andika puniki | Rumsari bêbisik | basane angêlu ||
34–35 dari 143

 


Lebih satu suku kata: puwara cuwa gène asare. (kembali)
Lebih satu suku kata: arêp ingsun ora kang nutupi. (kembali)
Kurang satu suku kata: manawa na jalmi. (kembali)
Lebih satu suku kata: ing sablah yèn tinon. (kembali)
anjuput. (kembali)
ngulisik. (kembali)
anyandhak (dan di tempat lain). (kembali)
kakêmbêne. (kembali)
ibêlis. (kembali)
10 Biasanya guru lagu i. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: dèn lêrêskên wau kêmul maning. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: Ni Rumsari anglilir gulinge. (kembali)