Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8–9 dari 40
35–36 dari 143
344–353 dari 1.427
08.45 dèn lêrêskên wau kêmule maning |[1] jajane kagêpok | Ni Rumsari angêlilir gulinge |[2] pan tangginas Rumsari nyêkêli | tênggêke kang rayi | anulya rinangkul ||
08.46 panyanane andarbèni kapti | sarya adhuh alon | Selasyara arum pamuwuse | kakang êmbok andika puniki | Rumsari bêbisik | basane angêlu ||
08.47 kakang êmbok andika dèn iling | wus sun sêmbah mangko | têka dika arsa dados anèm | dawêk kakang samya sarêng linggih | tan sae puniki | manah madu juruh [[f. 31r]] ||
9. Dhandhanggula
09.01 ênêngêna mangke Ni Rumsari | kawuwusa ingkang ngambil toya | kalunta-lunta lampahe | lêpas ing lampahipun | nèng têlatah tan manggih warih | saya doh lampahira | iringane gunung | Ki Selarasa tumingal | lawang guwa mêngulon adhêperèki | tumulya pinaran |[3]|
09.02 saya parêk tingale rêspati | saya mangu wau Selarasa | angucap ing jro kalbune | guwa iki abagus | pantês ana ingkang duwèni | manawa ana toya | anulya malêbu | ing jrone pêtêng kalintang | Selarasa mêksa angulati warih | nanging tan manggih toya ||
09.03 ing jro ana lawang siji maning | saya nuli marang jêro pisan | ningali sarpa agêdhe | karsane ayun tutur | nèng têlatah sira angêni | mara pan ora kêna | sampun katalêku | kang sarpa ika tumingal | nulya marêk madhêp sisike muriding[4] | lir pendah anyandêra ||
09.04 Selara[5] kèmêngan ing ati |[6] mêngko ingsun datan wande pêjah | dadya asrah ing ragane | angling sajroning kalbu | angulati marga pamaning | iya wus titahing Yyang | sarpa ingkang magut | Selarasa datan abah[7] | sarpa agêng yèn bisa angucap jalmi | iki manusa pelak ||
09.05 baya trusing kusuma wong iki | ora mèngèng tingale wong ika | wus dèn srahakên patine [[f. 31v]] | sarpa lon dènnya mêtu | Selarasa nulya lumaris | manjing marang jro pisan | tan dangu andulu | dênawa ulêsing pêthak | siyungipun mrangangah ngisis agathik | linggih asila tumpang ||
09.06 pan angamping nèng pipine kori | kang dênawa ika atumingal | mring Selarasa praptane | madhêp ngadhangi pintu | sarya ngucap anjrit kapati | Selarasa tumingal | ênting marasipun | angucap sajroning nala | wurung sarpa sida buta kang matèni | marang sariraningwang ||
09.07 kang dênawa pan sampun sumingkir | sarya ngucap lah para liwata | Selarasa nulya mêlèk | tiningalan pan agung | gih punika wus dadi jalmi | ya ta Ki Selarasa | tumulya malêbu | saking pintu wijil tiga | nulya manggih [[f. 32r]: mang...gih] wong tapa cahyaning wêning | linggih anèng gêgilang ||
35–36 dari 143

 


Lebih satu suku kata: dèn lêrêskên wau kêmul maning. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ni Rumsari anglilir gulinge. (kembali)
Kurang satu suku kata: tumulya pinaranan. (kembali)
murinding. (kembali)
Selarasa (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa kèmêngan ing ati. (kembali)
obah (dan di tempat lain). (kembali)