Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9–10 dari 40
36–37 dari 143
356–365 dari 1.427
| 09.10 | pan kawula nuhun wêlasasih | tan adarbe kaki yayah rena [[f. 32v]: re...na] | tinilar sangkane rare | marminipun ta anglangut |[1] tilar purwa kawula kaki | arsa kinaniaya | dening sang aprabu | marmine anyata wona | inggih saking kawêlasasih kirang budi |[2] dadya sangkane tiba || |
| 09.11 | Sri Nalendra Atashulu nênggih | ingkang ngarsa mêjahi kawula | sawăngsa kawula kabèh | sang tapa ris amuwus | mêngko iki ana ing ngêndi | putu sanakira |[3] Selarasa matur | tapi putu ingsun wikan | karêpira pun kaki upama warih | lah timbanên dènira || |
| 09.12 | Selarasa matur awotsari | inggih tuwan ingkang kula têdha | sapangat tuwan ing mangke | malar tilar kadangu | syargi iyang duk maksih urip | lagyarsa pinêjahan | dèn abong ping pitu | kathah ngêlokakên pêjah | tur ta mangke alinggih ana ing kursi | onèng sajroning wisma || |
| 09.13 | Sèh Durnapi lingira amanis | ora kêna tirua mangkana | apan uwus dudumane | ki bagus putuningsun | eyangira wong sampun luwih | pan wus angraga suma | tan kiwuhan laku | barang usiking wus nyata | pirang bara yèn sira tirua kaki | barang lampah raharja || |
| 09.14 | witing kaki ngaurip puniki | sapa lumoh kang kaya mêngkana | supaya doh pandungkape | Selarasa tumungkul | kasinggihan [[f. 33r]] wêcana manis | mina kasraban toya | asrêpe kêlangkung | dawêk sinalinan têmbang | pupuhana yang kaki dipun suwawi | polahe wong kasmaran || |
| 10. Asmaradana | |
| 10.01 | linggiha dipun mariki | pun kaki acêcarita | mara tadhahana mêngko | saisining dhadhaningwang | putu dipun prayatna | ing wong agêsang puniku | arêp anganggo istiyar || |
| 10.02 | sampun ta manusya gusti | kêkasihing Yang Wisesa | arêp kawasaa mangko | pan murah Yang Maha Mulya | sumilih satu kewan | angurangi pangan turu | saprandene tinurutan || |
| 10.03 | kaya ta ulêr puniki | lungane tan bisa têbah | tanpa suku lan astane | ya ta amatèni raga | anggeyong anèng wraksa | anèng gêgodhonganipun | ora muni ora muna || |
| 10.04 | sêdyane kapingin bangkit | arêp bisa lunga têbah | ngambah wang-awang karêpe | ya ta dadi ulêr kawak | mêcah sinungan êlar | dadi kêkupu wus mabur | sawab dening tapanira || |
| 10.05 | dèn agung prayatnèng Widi | marmaning sinung kuwasa | agêsêngi ing tapane | ugêt-ugêt ing jro toya | tan bisa lunga-lunga | tapane kaliwat asru | dadi bucêl ing jro toya || |
36–37 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: marminipun anglangut. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: inggih saking kawlasasih kirang budi. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: putu sêsanakira. (kembali) |