Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9–10 dari 40
36–37 dari 143
360–369 dari 1.427
| 09.14 | witing kaki ngaurip puniki | sapa lumoh kang kaya mêngkana | supaya doh pandungkape | Selarasa tumungkul | kasinggihan [[f. 33r]] wêcana manis | mina kasraban toya | asrêpe kêlangkung | dawêk sinalinan têmbang | pupuhana yang kaki dipun suwawi | polahe wong kasmaran || |
| 10. Asmaradana | |
| 10.01 | linggiha dipun mariki | pun kaki acêcarita | mara tadhahana mêngko | saisining dhadhaningwang | putu dipun prayatna | ing wong agêsang puniku | arêp anganggo istiyar || |
| 10.02 | sampun ta manusya gusti | kêkasihing Yang Wisesa | arêp kawasaa mangko | pan murah Yang Maha Mulya | sumilih satu kewan | angurangi pangan turu | saprandene tinurutan || |
| 10.03 | kaya ta ulêr puniki | lungane tan bisa têbah | tanpa suku lan astane | ya ta amatèni raga | anggeyong anèng wraksa | anèng gêgodhonganipun | ora muni ora muna || |
| 10.04 | sêdyane kapingin bangkit | arêp bisa lunga têbah | ngambah wang-awang karêpe | ya ta dadi ulêr kawak | mêcah sinungan êlar | dadi kêkupu wus mabur | sawab dening tapanira || |
| 10.05 | dèn agung prayatnèng Widi | marmaning sinung kuwasa | agêsêngi ing tapane | ugêt-ugêt ing jro toya | tan bisa lunga-lunga | tapane kaliwat asru | dadi bucêl ing jro toya || |
| 10.06 | lami cukul êlarnèki | ya ta sinungan kuwasa | bisa mabur kadadine | bungkar saking dalêm toya | têmah [[f. 33v]] angulandara | iku bagus putuningsun | ing wong akèh panalarnya || |
| 10.07 | iku lêmbutana maning | aja tungkul ing mangkana | kalurung nyawa têmahe | walik bêlahên dènira | pikirên ing wêrdaya | nadyan ugêt-ugêt iku | pan kapingin dadi paksa || |
| 10.08 | pan măngsa dadia maning | wus pasthi ing kudratulah | nanging wong aurip mangko | arêp nêmênên panalar | dèn agung ing istiyar | nanging ta aja katungkul | ki putu dipun prayatna || |
| 10.09 | ki putu pamanggih iki | wus pasthi sing ajalolah | nanging datan kêna linyok | pacuwan gasong[1] jroning tyas | adan binibikan[2] |[3] Selarasa nêmbah matur | yang kaki nuhun kawula || |
36–37 dari 143
| 1 | gosong. (kembali) |
| 2 | binisikan. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: adan binibisikan. (kembali) |