Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 40
35–36 dari 143
347–356 dari 1.427
| 9. Dhandhanggula | |
| 09.01 | ênêngêna mangke Ni Rumsari | kawuwusa ingkang ngambil toya | kalunta-lunta lampahe | lêpas ing lampahipun | nèng têlatah tan manggih warih | saya doh lampahira | iringane gunung | Ki Selarasa tumingal | lawang guwa mêngulon adhêperèki | tumulya pinaran |[1]| |
| 09.02 | saya parêk tingale rêspati | saya mangu wau Selarasa | angucap ing jro kalbune | guwa iki abagus | pantês ana ingkang duwèni | manawa ana toya | anulya malêbu | ing jrone pêtêng kalintang | Selarasa mêksa angulati warih | nanging tan manggih toya || |
| 09.03 | ing jro ana lawang siji maning | saya nuli marang jêro pisan | ningali sarpa agêdhe | karsane ayun tutur | nèng têlatah sira angêni | mara pan ora kêna | sampun katalêku | kang sarpa ika tumingal | nulya marêk madhêp sisike muriding[2] | lir pendah anyandêra || |
| 09.04 | Selara[3] kèmêngan ing ati |[4] mêngko ingsun datan wande pêjah | dadya asrah ing ragane | angling sajroning kalbu | angulati marga pamaning | iya wus titahing Yyang | sarpa ingkang magut | Selarasa datan abah[5] | sarpa agêng yèn bisa angucap jalmi | iki manusa pelak || |
| 09.05 | baya trusing kusuma wong iki | ora mèngèng tingale wong ika | wus dèn srahakên patine [[f. 31v]] | sarpa lon dènnya mêtu | Selarasa nulya lumaris | manjing marang jro pisan | tan dangu andulu | dênawa ulêsing pêthak | siyungipun mrangangah ngisis agathik | linggih asila tumpang || |
| 09.06 | pan angamping nèng pipine kori | kang dênawa ika atumingal | mring Selarasa praptane | madhêp ngadhangi pintu | sarya ngucap anjrit kapati | Selarasa tumingal | ênting marasipun | angucap sajroning nala | wurung sarpa sida buta kang matèni | marang sariraningwang || |
| 09.07 | kang dênawa pan sampun sumingkir | sarya ngucap lah para liwata | Selarasa nulya mêlèk | tiningalan pan agung | gih punika wus dadi jalmi | ya ta Ki Selarasa | tumulya malêbu | saking pintu wijil tiga | nulya manggih [[f. 32r]: mang...gih] wong tapa cahyaning wêning | linggih anèng gêgilang || |
| 09.08 | ingkang wasta Kyai Sèh Durnapi | laminira atapa ing guwa | angsal tigang jaman mangkèhe |[6] wus lali pangan turu | amung Sukma kaciptèng ati | ya ta Ki Selarasa | manahe angêlangun |[7] anulya mara ing ngarsa | nulya mêndhêk tumingal Ki Sèh Durnapi | yèn ana wong kang prapta || |
| 09.09 | angandika Kyai Sèh Durnapi | lah bagea wong kang anyar prapta | lah nyawa linggiha kene | Selarasa angunjung | Sèh Durnapi angrangkul aris | arum wijiling sabda | nyawa putuningsun | apa gusti gawenira | sira prapta ing guwa dhatêng pun kaki | Selarasa tur sêmbah || |
| 09.10 | pan kawula nuhun wêlasasih | tan adarbe kaki yayah rena [[f. 32v]: re...na] | tinilar sangkane rare | marminipun ta anglangut |[8] tilar purwa kawula kaki | arsa kinaniaya | dening sang aprabu | marmine anyata wona | inggih saking kawêlasasih kirang budi |[9] dadya sangkane tiba || |
35–36 dari 143
| 1 | Kurang satu suku kata: tumulya pinaranan. (kembali) |
| 2 | murinding. (kembali) |
| 3 | Selarasa (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: Selarasa kèmêngan ing ati. (kembali) |
| 5 | obah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: angsal tigang jaman mangkèh. (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: manahe anglangun. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: marminipun anglangut. (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata: inggih saking kawlasasih kirang budi. (kembali) |