Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 40
35–36 dari 143
348–357 dari 1.427
09.02 saya parêk tingale rêspati | saya mangu wau Selarasa | angucap ing jro kalbune | guwa iki abagus | pantês ana ingkang duwèni | manawa ana toya | anulya malêbu | ing jrone pêtêng kalintang | Selarasa mêksa angulati warih | nanging tan manggih toya ||
09.03 ing jro ana lawang siji maning | saya nuli marang jêro pisan | ningali sarpa agêdhe | karsane ayun tutur | nèng têlatah sira angêni | mara pan ora kêna | sampun katalêku | kang sarpa ika tumingal | nulya marêk madhêp sisike muriding[1] | lir pendah anyandêra ||
09.04 Selara[2] kèmêngan ing ati |[3] mêngko ingsun datan wande pêjah | dadya asrah ing ragane | angling sajroning kalbu | angulati marga pamaning | iya wus titahing Yyang | sarpa ingkang magut | Selarasa datan abah[4] | sarpa agêng yèn bisa angucap jalmi | iki manusa pelak ||
09.05 baya trusing kusuma wong iki | ora mèngèng tingale wong ika | wus dèn srahakên patine [[f. 31v]] | sarpa lon dènnya mêtu | Selarasa nulya lumaris | manjing marang jro pisan | tan dangu andulu | dênawa ulêsing pêthak | siyungipun mrangangah ngisis agathik | linggih asila tumpang ||
09.06 pan angamping nèng pipine kori | kang dênawa ika atumingal | mring Selarasa praptane | madhêp ngadhangi pintu | sarya ngucap anjrit kapati | Selarasa tumingal | ênting marasipun | angucap sajroning nala | wurung sarpa sida buta kang matèni | marang sariraningwang ||
09.07 kang dênawa pan sampun sumingkir | sarya ngucap lah para liwata | Selarasa nulya mêlèk | tiningalan pan agung | gih punika wus dadi jalmi | ya ta Ki Selarasa | tumulya malêbu | saking pintu wijil tiga | nulya manggih [[f. 32r]: mang...gih] wong tapa cahyaning wêning | linggih anèng gêgilang ||
09.08 ingkang wasta Kyai Sèh Durnapi | laminira atapa ing guwa | angsal tigang jaman mangkèhe |[5] wus lali pangan turu | amung Sukma kaciptèng ati | ya ta Ki Selarasa | manahe angêlangun |[6] anulya mara ing ngarsa | nulya mêndhêk tumingal Ki Sèh Durnapi | yèn ana wong kang prapta ||
09.09 angandika Kyai Sèh Durnapi | lah bagea wong kang anyar prapta | lah nyawa linggiha kene | Selarasa angunjung | Sèh Durnapi angrangkul aris | arum wijiling sabda | nyawa putuningsun | apa gusti gawenira | sira prapta ing guwa dhatêng pun kaki | Selarasa tur sêmbah ||
09.10 pan kawula nuhun wêlasasih | tan adarbe kaki yayah rena [[f. 32v]: re...na] | tinilar sangkane rare | marminipun ta anglangut |[7] tilar purwa kawula kaki | arsa kinaniaya | dening sang aprabu | marmine anyata wona | inggih saking kawêlasasih kirang budi |[8] dadya sangkane tiba ||
09.11 Sri Nalendra Atashulu nênggih | ingkang ngarsa mêjahi kawula | sawăngsa kawula kabèh | sang tapa ris amuwus | mêngko iki ana ing ngêndi | putu sanakira |[9] Selarasa matur | tapi putu ingsun wikan | karêpira pun kaki upama warih | lah timbanên dènira ||
35–36 dari 143

 


murinding. (kembali)
Selarasa (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa kèmêngan ing ati. (kembali)
obah (dan di tempat lain). (kembali)
Lebih satu suku kata: angsal tigang jaman mangkèh. (kembali)
Lebih satu suku kata: manahe anglangun. (kembali)
Lebih satu suku kata: marminipun anglangut. (kembali)
Lebih satu suku kata: inggih saking kawlasasih kirang budi. (kembali)
Kurang satu suku kata: putu sêsanakira. (kembali)