Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 40
38–39 dari 143
375–384 dari 1.427
10.15 pan jatine rupa iki | iya rupa rika dhawak | kira liwung tanpa wiwitane |[1] kêlawan ora wêkasan | mantuk lagi duk nora | tan wruh-kinawruhan iku | sadya wruh pribadinira ||
10.16 nanging iku ingkang uwis | bisa angoncèki ika | ingkang ngatos[2] sakarsane | balikan gêginaua | Selarasa tur sêmbah | kiyai kawula nuhun | anêmbah angrangkul pada ||
10.17 Durnapi angrakul[3] aris | uwis gusti putuningwang | awèh ingsun mong samono | apa winicara liyan | eyangira ing kuna | jêjuluk waliulèku | sinihan dening Yang Sukma ||
10.18 adhuh putuningsun gusti | yèn sira arsa mangkana | atawa sira rêp mangko | pasthi dinulur dening Yang | yèn arêp tasis sira | mangke pun kaki atuduh | lah gusti sira lungaa ||
10.19 ing kene ana jin kaki | iku gusti paranana | satus punjul siji kèhe | iku pan lagya singidan | ing sasukuning arga | êmbing kidul [[f. 34v]] pêrnahipun | tan adoh sing kene nyawa ||
10.20 iku marganira kaki | ulih sakti lan dikjaya | lan dadi rawang ing têmbe | yèn sira amanggih marga | kurang-kurang ta nyawa | yèn wus padha wruh ing tutur | iku kaki marganira ||
10.21 nanging kaki aja gingsir | dipun kuwat lara lapa | manggèh wibawa ing têmbe | nanging sira mêngko nyawa | sakêdhap tan tumingal | rupane ngêjin puniku | dening kalingane guwa ||
10.22 ana ing jro guwa kaki | iku kaki kawruhana | Guwa Panitis arane | pilih wonge kang wuninga | nanging yèn wus katingal | ki putu dènira iku | lawange dèn linggihana ||
10.23 rungunêna bae dhingin | suwe-suwe katingalan | warnane êjin ing kono | êjin ngili iku padha | mara age lungaa | dening ta sanakirèku | kapat wus ulih panggonan ||
10.24 Selarasa sigra mijil | anusup ing wonawasa | mulak[4] kidul lawan kulon | lor wetan katon apadhang | Selarasa rêraryyan | langkung sêkêl jroning kalbu | dening tan ana katingal ||
38–39 dari 143

 


Lebih dua suku kata: liwung tanpa wiwitane. (kembali)
ngantos. (kembali)
angrangkul (dan di tempat lain). (kembali)
mulat. (kembali)