Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 40
38–39 dari 143
379–388 dari 1.427
10.19 ing kene ana jin kaki | iku gusti paranana | satus punjul siji kèhe | iku pan lagya singidan | ing sasukuning arga | êmbing kidul [[f. 34v]] pêrnahipun | tan adoh sing kene nyawa ||
10.20 iku marganira kaki | ulih sakti lan dikjaya | lan dadi rawang ing têmbe | yèn sira amanggih marga | kurang-kurang ta nyawa | yèn wus padha wruh ing tutur | iku kaki marganira ||
10.21 nanging kaki aja gingsir | dipun kuwat lara lapa | manggèh wibawa ing têmbe | nanging sira mêngko nyawa | sakêdhap tan tumingal | rupane ngêjin puniku | dening kalingane guwa ||
10.22 ana ing jro guwa kaki | iku kaki kawruhana | Guwa Panitis arane | pilih wonge kang wuninga | nanging yèn wus katingal | ki putu dènira iku | lawange dèn linggihana ||
10.23 rungunêna bae dhingin | suwe-suwe katingalan | warnane êjin ing kono | êjin ngili iku padha | mara age lungaa | dening ta sanakirèku | kapat wus ulih panggonan ||
10.24 Selarasa sigra mijil | anusup ing wonawasa | mulak[1] kidul lawan kulon | lor wetan katon apadhang | Selarasa rêraryyan | langkung sêkêl jroning kalbu | dening tan ana katingal ||
10.25 anèng têngahing wanadri | Selarasa pan kyalêsyan | anusup ana ing sèrèng[2] | langkung sêkêl manahira | dening ara katingal | tan ana ingkang kadulu | onèng sore nagapuspa [[f. 35r]] ||
10.26 Selarasa ling jro ngati | soring nagapuspa pelak | padhang tan ana sukête | sêkare agêlar ing lêmah |[3] pantês ing kene uga | kaya pasebaning ratu | simpar tur rêkik[4] ing ngandhap ||
10.27 lan sagunge sarya sari | angidêri lir tinata | pating parêlok kêmbange | lagya nêdhêng punang sêkar | gandane anglêlaya | Selarasa linggih mangu | sêsendhehan nagapuspa ||
10.28 Selarasa ngling jro ngati | ing baya ngêndi kang guwa | baya adoh saking kene | yèn tuduhe kaki eyang | pan ing kene iya |[5] iki sasukuning gunung | baya durung angatingal ||
38–39 dari 143

 


mulat. (kembali)
pèrèng. (kembali)
Lebih satu suku kata: sêkare aglar ing lêmah. (kembali)
rêsik. (kembali)
Kurang satu suku kata: apan ing kene iya. (kembali)