Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 40
38–39 dari 143
372–381 dari 1.427
| 10.12 | lir angilo ing jro carmin | pralabine iku nyawa | nugrahan wêwayangane | pan ora salayèng karsa | angilo kanugrahan | ing patêmoning ku |[1] sirna rupa kalih warna || |
| 10.13 | ewuhing aran [[f. 34r]: a...ran] iki |[2] kadya gèning toya tawa | lawan asin patêmone | bêja patêmoning tirta | tan ana ngaranana | asin miwah tawa iku | onta aranèku iya || |
| 10.14 | tan kêna ngaranan asin | onta aranèku iya | ingkang kanugrahan mangko | kawruhana ku dènira | sirnane carmin ika | rupa jro paesan pupul | mantêp dadi rupa tunggal || |
| 10.15 | pan jatine rupa iki | iya rupa rika dhawak | kira liwung tanpa wiwitane |[3] kêlawan ora wêkasan | mantuk lagi duk nora | tan wruh-kinawruhan iku | sadya wruh pribadinira || |
| 10.16 | nanging iku ingkang uwis | bisa angoncèki ika | ingkang ngatos[4] sakarsane | balikan gêginaua | Selarasa tur sêmbah | kiyai kawula nuhun | anêmbah angrangkul pada || |
| 10.17 | Durnapi angrakul[5] aris | uwis gusti putuningwang | awèh ingsun mong samono | apa winicara liyan | eyangira ing kuna | jêjuluk waliulèku | sinihan dening Yang Sukma || |
| 10.18 | adhuh putuningsun gusti | yèn sira arsa mangkana | atawa sira rêp mangko | pasthi dinulur dening Yang | yèn arêp tasis sira | mangke pun kaki atuduh | lah gusti sira lungaa || |
| 10.19 | ing kene ana jin kaki | iku gusti paranana | satus punjul siji kèhe | iku pan lagya singidan | ing sasukuning arga | êmbing kidul [[f. 34v]] pêrnahipun | tan adoh sing kene nyawa || |
| 10.20 | iku marganira kaki | ulih sakti lan dikjaya | lan dadi rawang ing têmbe | yèn sira amanggih marga | kurang-kurang ta nyawa | yèn wus padha wruh ing tutur | iku kaki marganira || |
| 10.21 | nanging kaki aja gingsir | dipun kuwat lara lapa | manggèh wibawa ing têmbe | nanging sira mêngko nyawa | sakêdhap tan tumingal | rupane ngêjin puniku | dening kalingane guwa || |
38–39 dari 143
| 1 | Kurang dua suku kata: ing sapatêmoning iku. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: ewuhing aran puniki. (kembali) |
| 3 | Lebih dua suku kata: liwung tanpa wiwitane. (kembali) |
| 4 | ngantos. (kembali) |
| 5 | angrangkul (dan di tempat lain). (kembali) |