Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10–11 dari 40
39–40 dari 143
389–398 dari 1.427
| 10.29 | kocapa kang punang êjin | kang lagi mêmuruk jaya | lan tibulan[1] sarawange[2] | tan têbah syaraning ika | nanging tan katingalan | lawang guwa tan kadulu | dènira Ki Selarasa || |
| 10.30 | saksana mangke sang pêkik | lawanging guwa katingal | tan koningan sadangune | yèn iki lawanging guwa | Selarasa wêcana | tênggane ta iki pintu | dangu têmbene katingal || |
| 10.31 | baya rahmating Yang Widi | tibane ing raganingwang | surup hyang arka wayahe | katingaling lawang guwa | arsa malêbêt ika | dawêk sinalinan [[f. 35v]: sina...linan] pupuh | wong anom manjing jro guwa || |
| 11. Sinom | |
| 11.01 | Selarasa wus lumakya | malêbu jro guwa iki | ningali jin lagya |[3] pan sami gêguru iki | Selarasa marani | êjin sadaya adulu | Nurjaman angandika | dhatêng sakwèh para êjin | dèn prayatna ana manusa kang prapta || |
| 11.02 | prayatna atata gêlar | samya madhêp ingkang prapti | Nurjaman asru ngandika | baya iki wong abêcik | tandhane prapta ngriki | sadaya wong tan ana wruh | Nurjaman aris majar | lah udangên[4] ta dèn aglis | pinaranan dening êjin ulubalang || |
| 11.03 | manusa [[f. 36r]: ma...nusa] sapa sinambat | ingsun kinèn ngandikani | dening kangjêng gustiningwang | dawêk kiringa sêmangke |[5] Selarasa wus kering | laju dhatêng ngarsanipun | sapraptane ngajêngan | alinggih rada kapiring | yitnaning jin padha ngapit kèri kanan || |
| 11.04 | Patih Nurjaman ngandika | sira iki wong sing ngêndi | dening sira wruh ing guwa | wani katêmu lan êjin | pilih wong wani-wani | lan durung ana kang wêruh | panggonan iki sipar[6] | têka sira sugih wani | lah matura saking êndi anglaslira[7] || |
| 11.05 | angucap sajroni[8] manah | Selarasa êjin iki | têka ngucap tanpa basa | lan ingsun dèn parêpêki | mangke ta sun cicipi | karusaning êjin iku | nulya linggih satata | ingsun wani êjin iki | saya suwe sun duga saya kawawa || |
| 11.06 | wus linggih tunggal gêgilang | Selarasa nulya angling | sira takon angsal ingwang | utawi kêkasih mami | sira tanbuh ing mami | Selarasa jênêng ingsun | tan duwe yayah rena | kidang [[f. 36v]: ki...dang] mênjangan nusoni | Kyana Patih Nurjaman ngêdhèpi rawang || |
| 11.07 | bramatya Patih Nurjaman | sakyèh bala angêbyoki | dhumatêng Ki Selarasa | ingundurakên tan kêni | binabayang ing êjin | Selarasa kinarubut | wus prapta pagêlaran | Selarasa asru angling | dèn prayatna pan ingsun arsa malêsa || |
39–40 dari 143
| 1 | timbulan. (kembali) |
| 2 | sarowange. (kembali) |
| 3 | Kurang dua suku kata: aningali êjin lagya. (kembali) |
| 4 | undangên. (kembali) |
| 5 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
| 6 | simpar. (kembali) |
| 7 | angsalira. (kembali) |
| 8 | sajroning. (kembali) |