Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 40
37–38 dari 143
364–373 dari 1.427
| 10.04 | sêdyane kapingin bangkit | arêp bisa lunga têbah | ngambah wang-awang karêpe | ya ta dadi ulêr kawak | mêcah sinungan êlar | dadi kêkupu wus mabur | sawab dening tapanira || |
| 10.05 | dèn agung prayatnèng Widi | marmaning sinung kuwasa | agêsêngi ing tapane | ugêt-ugêt ing jro toya | tan bisa lunga-lunga | tapane kaliwat asru | dadi bucêl ing jro toya || |
| 10.06 | lami cukul êlarnèki | ya ta sinungan kuwasa | bisa mabur kadadine | bungkar saking dalêm toya | têmah [[f. 33v]] angulandara | iku bagus putuningsun | ing wong akèh panalarnya || |
| 10.07 | iku lêmbutana maning | aja tungkul ing mangkana | kalurung nyawa têmahe | walik bêlahên dènira | pikirên ing wêrdaya | nadyan ugêt-ugêt iku | pan kapingin dadi paksa || |
| 10.08 | pan măngsa dadia maning | wus pasthi ing kudratulah | nanging wong aurip mangko | arêp nêmênên panalar | dèn agung ing istiyar | nanging ta aja katungkul | ki putu dipun prayatna || |
| 10.09 | ki putu pamanggih iki | wus pasthi sing ajalolah | nanging datan kêna linyok | pacuwan gasong[1] jroning tyas | adan binibikan[2] |[3] Selarasa nêmbah matur | yang kaki nuhun kawula || |
| 10.10 | dadosipun ta yang kaki | tan kenging tilar punika | ingkang kêkalih lampahe | punika tan kêna lipyan | Sèh Durnapi ngandika | wuwusira manis arum | kaki putu iya uga || |
| 10.11 | layara sagara gêni | amêgatana bêngawan | matia ing tapa rêko | yèn tanna marmaning Yyang |[4] takdirnya kanugrahan | lawan kanugrahanipun | beda tunggale mêngkana || |
| 10.12 | lir angilo ing jro carmin | pralabine iku nyawa | nugrahan wêwayangane | pan ora salayèng karsa | angilo kanugrahan | ing patêmoning ku |[5] sirna rupa kalih warna || |
| 10.13 | ewuhing aran [[f. 34r]: a...ran] iki |[6] kadya gèning toya tawa | lawan asin patêmone | bêja patêmoning tirta | tan ana ngaranana | asin miwah tawa iku | onta aranèku iya || |
37–38 dari 143
| 1 | gosong. (kembali) |
| 2 | binisikan. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: adan binibisikan. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: yèn tan ana marmaning Yyang. (kembali) |
| 5 | Kurang dua suku kata: ing sapatêmoning iku. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: ewuhing aran puniki. (kembali) |