Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 40
41–42 dari 143
406–415 dari 1.427
11.15 bramatya Ki Selarasa | rumasa dèn cêcabuki[1] | gada sinambut ingundha | gada kinanan kinèri | asru mara tumuli | Patih Nurjaman pinupu | tinangkis lawan asta | gada wus tugêl apalih | sarêng mara pan sampun candhak-cinandhak ||
11.16 ingangtak[2] [[f. 37v]: ingangta...k] Ki Selarasa | lir pendah ajujung wukir | Nurjaman malih ingangkat | aboting lir pendah ardi | prakosa wrati[3] sami | kalih tan ana kajungjung | Patih Nurjaman ngucap | nanging ta nora kêlair | abot têmên wong iki bèbèting apa ||
11.17 Nurjaman asru anyêngkah | uwal astane nyêkêli | Selarasa wuwusira | dingapa anguciwani | lah ta majua maning | payo aja na kang mundur | Patih Nurjaman majar | mêngko padha aso dhingin | Selarasa mèngsêm aris wuwusira ||
11.18 hèh patih rêbutên ingwang | pan ingsun manusya luwih | bok sira tan wruh maringwang | ingsun anaking Bupati | ing Cêmpa angsal mami | Selabêrèt ramaningsun | jumênêng Natèng Cêmpa | ingsun putraning wuragil | iya ingsun putune Ki Jatisyara ||
11.19 iku ingkang duwe Cêmpa | Selabêrèt putranèki | ingkang gêtèni[4] nalendra | iku putrane sêjati | bagja têmên sirèki | anugêla jangganingsun | Kya Nurjaman miyarsa | sêsumbare wati-wanti[5] | kagyat mangu kèngêtan Patih Nurjaman ||
11.20 mêngkana Patih Nurjaman | nulya atêtakèn aris | bagus mênênga sadhela | ingsun wus kalah sêmangkin | ingsun takon sayakti [[f. 38r]: sa...yakti] | mau wuwusira iku | putune sapa sira | mara tutura sayakti | lan kang duwe anak sira ku sapa |[6]|
11.21 Selarasa saurira | tur sarya atutur mangkin | mênawa sira tan wikan | ing si bapa ing si kaki | ingkang mêngku nêgari | ing Cêmpa jumênêng ratu | Selabêrèt Nalendra | ingkang duwe putra uni | Jalêlana wêstane kang saudara ||
11.22 rinangkul Ki Selarasa | adhuh anak ingsun gusti | lah padha linggih satata | sampuning samya alinggih | Nurjaman angling aris | aris têmên wuwus ingsun | iya ingsun pamanira |[7] kang patutan lawan pêri | eyangira arata putraning gangsal ||
11.23 sawiji saking manusya | papat patutan lan êjin | kabèh kapêrnah taruna | putrane kang saking êjin | ramanira pribadi | punika kaprênah sêpuh | mula jumênêng nata | ing Cêmpa mêngku nêgari | pamanira ya uga jumênêng nata ||
11.24 sadulur ingsun kang tuwa | ajêjuluk Raja Palmin | kang panggulu iya ingwang | ingku[8] kang dadi pêpatih | angrèh sapulo Rukmi | nêgaraning êjin iku | têtigale[9] kang kuna | pulo iku goning êjin | ambaning pulo lêlampahan pitung dina |[10]|
41–42 dari 143

 


cêcambuki. (kembali)
ingangkat. (kembali)
wrating. (kembali)
gêntèni. (kembali)
wanti-wanti. (kembali)
Kurang satu suku kata: lan kang duwe anak sira iku sapa. (kembali)
Lebih satu suku kata: ya ingsun pamanira. (kembali)
iku. (kembali)
têtinggale. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: ambaning pulo lêlampah pitung dina. (kembali)