Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 40
41–42 dari 143
409–418 dari 1.427
| 11.18 | hèh patih rêbutên ingwang | pan ingsun manusya luwih | bok sira tan wruh maringwang | ingsun anaking Bupati | ing Cêmpa angsal mami | Selabêrèt ramaningsun | jumênêng Natèng Cêmpa | ingsun putraning wuragil | iya ingsun putune Ki Jatisyara || |
| 11.19 | iku ingkang duwe Cêmpa | Selabêrèt putranèki | ingkang gêtèni[1] nalendra | iku putrane sêjati | bagja têmên sirèki | anugêla jangganingsun | Kya Nurjaman miyarsa | sêsumbare wati-wanti[2] | kagyat mangu kèngêtan Patih Nurjaman || |
| 11.20 | mêngkana Patih Nurjaman | nulya atêtakèn aris | bagus mênênga sadhela | ingsun wus kalah sêmangkin | ingsun takon sayakti [[f. 38r]: sa...yakti] | mau wuwusira iku | putune sapa sira | mara tutura sayakti | lan kang duwe anak sira ku sapa |[3]| |
| 11.21 | Selarasa saurira | tur sarya atutur mangkin | mênawa sira tan wikan | ing si bapa ing si kaki | ingkang mêngku nêgari | ing Cêmpa jumênêng ratu | Selabêrèt Nalendra | ingkang duwe putra uni | Jalêlana wêstane kang saudara || |
| 11.22 | rinangkul Ki Selarasa | adhuh anak ingsun gusti | lah padha linggih satata | sampuning samya alinggih | Nurjaman angling aris | aris têmên wuwus ingsun | iya ingsun pamanira |[4] kang patutan lawan pêri | eyangira arata putraning gangsal || |
| 11.23 | sawiji saking manusya | papat patutan lan êjin | kabèh kapêrnah taruna | putrane kang saking êjin | ramanira pribadi | punika kaprênah sêpuh | mula jumênêng nata | ing Cêmpa mêngku nêgari | pamanira ya uga jumênêng nata || |
| 11.24 | sadulur ingsun kang tuwa | ajêjuluk Raja Palmin | kang panggulu iya ingwang | ingku[5] kang dadi pêpatih | angrèh sapulo Rukmi | nêgaraning êjin iku | têtigale[6] kang kuna | pulo iku goning êjin | ambaning pulo lêlampahan pitung dina |[7]| |
| 11.25 | pêlayuning pulo ika | lêlampahan walung[8] bêngi [[f. 38v]] | pêpêk pamanira papat | kang tuwa sinuhun aji | Selarasa awotsari |[9] paman tan nyana têtêmu | ing kawula lan dika | botên kadi sihing Widi | jin sadaya suka dènira tumingal || |
| 11.26 | Patih Nurjaman ngandika | si kakang pak[10] maksih urip | kang jumênêng Natèng Cêmpa | Selarasa anauri | paman sampun alami | sedane rama pukulun | sampuning kalih warsa | mung sêkawan putranèki | ingkang sêpuh punika dados nalendra || |
| 11.27 | Nurjaman aris atanya | apa mulanira iki | têka atilar nêgara | Selarasa awotsari | cupêt kawula nênggih | tan sagêt ngawulèng bêndu | wăngsa kula têtiga | dèn jaga dèn prih kasèsi | malah batên sinung pisan wêwarisan || |
41–42 dari 143
| 1 | gêntèni. (kembali) |
| 2 | wanti-wanti. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: lan kang duwe anak sira iku sapa. (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: ya ingsun pamanira. (kembali) |
| 5 | iku. (kembali) |
| 6 | têtinggale. (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: ambaning pulo lêlampah pitung dina. (kembali) |
| 8 | wolung. (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata: Selarasa wotsari. (kembali) |
| 10 | pa. (kembali) |