Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 40
42–43 dari 143
415–424 dari 1.427
11.24 sadulur ingsun kang tuwa | ajêjuluk Raja Palmin | kang panggulu iya ingwang | ingku[1] kang dadi pêpatih | angrèh sapulo Rukmi | nêgaraning êjin iku | têtigale[2] kang kuna | pulo iku goning êjin | ambaning pulo lêlampahan pitung dina |[3]|
11.25 pêlayuning pulo ika | lêlampahan walung[4] bêngi [[f. 38v]] | pêpêk pamanira papat | kang tuwa sinuhun aji | Selarasa awotsari |[5] paman tan nyana têtêmu | ing kawula lan dika | botên kadi sihing Widi | jin sadaya suka dènira tumingal ||
11.26 Patih Nurjaman ngandika | si kakang pak[6] maksih urip | kang jumênêng Natèng Cêmpa | Selarasa anauri | paman sampun alami | sedane rama pukulun | sampuning kalih warsa | mung sêkawan putranèki | ingkang sêpuh punika dados nalendra ||
11.27 Nurjaman aris atanya | apa mulanira iki | têka atilar nêgara | Selarasa awotsari | cupêt kawula nênggih | tan sagêt ngawulèng bêndu | wăngsa kula têtiga | dèn jaga dèn prih kasèsi | malah batên sinung pisan wêwarisan ||
11.28 marmine kawula kesah | katiga sanak anyilip | agêng kawula ing paran | saênggèn kawula kampir | tibèng tanah puniki | ing nêgari Atashulu | ing paminggiring desa | kawula dèn akên siwi | dèn apêkir tuwa wasta Ki Lubama ||
11.29 langkung sihe mring kawula | dumadakan lami-lami | sang nata adêrbe undhang | amêjahi sakèh jalmi | rare jalêr puniki | sakathahing pan ginêmpur | praja kang balèk pisan | sadaya tan wontên kari | miwah anak [[f. 39r]: ana...k] punggawi[7] pan sampun têlas ||
11.30 milane kawula kesah | inggih angusèkkên[8] urip | sawăngsa kula têtiga | anglasot[9] kalane wêngi | mèh botên apinanggih | putra tuwan sakatêlu | sinusul ing wong kathah | ing gêgêr wukir dèn ungsi | putra tuwan sun tilar ing wonapringga ||
11.31 punika kang dados sêmang | kawula arah sing ngriki | wêtawis kula tan têbah | sairing-iringing ardi | sun tilar ngambil warih | kalunta-lunta tan antuk | malah mariki prapta | baya pituduhing Widi | sanak kula sun tilare wonapringga ||
11.32 angrangkul Patih Nurjaman | adhuh anak ingsun gusti | ara kêlar sira nyawa | amusuh wong sanêgari | sira tinggal ing ngêndi | sanakira gèn sun ruruh | sadhela ingsun prapta | Selarasa awotsari | gih punika wukire kang katingalan ||
11.33 kaya priye karsanira | apa sun ajak mariki | Selarasa atur sêmbah | kantênan êgènerèki[10] | upami sampun bêcik | êgène paduka wangsul | Nurjaman aris majar | lah iya pun paman amit | lah karia ingsun mêtu pêpungkuran ||
42–43 dari 143

 


iku. (kembali)
têtinggale. (kembali)
Lebih satu suku kata: ambaning pulo lêlampah pitung dina. (kembali)
wolung. (kembali)
Lebih satu suku kata: Selarasa wotsari. (kembali)
pa. (kembali)
Variasi: punggawa (dan di tempat lain). (kembali)
angungsèkkên. (kembali)
anglosot. (kembali)
10 ênggènirèki (dan di tempat lain). (kembali)