Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11–12 dari 40
42–43 dari 143
419–428 dari 1.427
11.28 marmine kawula kesah | katiga sanak anyilip | agêng kawula ing paran | saênggèn kawula kampir | tibèng tanah puniki | ing nêgari Atashulu | ing paminggiring desa | kawula dèn akên siwi | dèn apêkir tuwa wasta Ki Lubama ||
11.29 langkung sihe mring kawula | dumadakan lami-lami | sang nata adêrbe undhang | amêjahi sakèh jalmi | rare jalêr puniki | sakathahing pan ginêmpur | praja kang balèk pisan | sadaya tan wontên kari | miwah anak [[f. 39r]: ana...k] punggawi[1] pan sampun têlas ||
11.30 milane kawula kesah | inggih angusèkkên[2] urip | sawăngsa kula têtiga | anglasot[3] kalane wêngi | mèh botên apinanggih | putra tuwan sakatêlu | sinusul ing wong kathah | ing gêgêr wukir dèn ungsi | putra tuwan sun tilar ing wonapringga ||
11.31 punika kang dados sêmang | kawula arah sing ngriki | wêtawis kula tan têbah | sairing-iringing ardi | sun tilar ngambil warih | kalunta-lunta tan antuk | malah mariki prapta | baya pituduhing Widi | sanak kula sun tilare wonapringga ||
11.32 angrangkul Patih Nurjaman | adhuh anak ingsun gusti | ara kêlar sira nyawa | amusuh wong sanêgari | sira tinggal ing ngêndi | sanakira gèn sun ruruh | sadhela ingsun prapta | Selarasa awotsari | gih punika wukire kang katingalan ||
11.33 kaya priye karsanira | apa sun ajak mariki | Selarasa atur sêmbah | kantênan êgènerèki[4] | upami sampun bêcik | êgène paduka wangsul | Nurjaman aris majar | lah iya pun paman amit | lah karia ingsun mêtu pêpungkuran ||
12. Pangkur
12.01 Nurjaman miyos sing guwa [[f. 39v]] | nulya mabur tan dangu nulya prapti | kalêrêsan ênggènipun | ing dhukuh Kartalaya | wismanipun kathahing mung kalih surup | nanging dados pangupêtan[5] | kang darbe wisma Ki Sarbin[6] ||
12.02 Selagănda Selasyara | Ni Rumsari kumpul ing dhukuh iki | apan samya pinupuju | dening Ki Sarpin ika | satilare ingkang rayi lunga langut | Patih Nurjaman wus awas | tan dangu anulya balik ||
12.03 tan adangu nulya prapta | Sang Nurjaman dhatêng Guwa Panitis | malêbêt ing guwa sampun | kang putra Selarasa | maksih linggih pinarêk anèng ing watu | sineba ing êjin kathah | kasaru Nurjaman prapti ||
12.04 satingale Selarasa | yèn kang rama Nurjaman aglis prapti | gupuh dènira tumurun | sing palinggihanira | paman angsal kardi dika enggal wangsul | Patih [[f. 40r]] Nurjaman ngandika | sanakira uwus bêcik ||
42–43 dari 143

 


Variasi: punggawa (dan di tempat lain). (kembali)
angungsèkkên. (kembali)
anglosot. (kembali)
ênggènirèki (dan di tempat lain). (kembali)
pangumpêtan. (kembali)
Sarpin. (kembali)