Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12–13 dari 40
45–46 dari 143
442–451 dari 1.427
| 12.18 | sapraptane Ki Mas Putra | parêng linggih ing gêgilang ta mangkin | Nurjaman aris amuwus | iya iku adhinira |[1] iya iku kang dadi wigêna dangu | Selarasa uluk salam | Ki Mas Putra anauri || |
| 12.19 | Ki Mas Putra aris nêmbah | kingkang[2] raka andowakakên aris | Patih Nurjaman amuwus | wruhanira Mas Putra | iya iku sanakira ingkang [[f. 41v]] sêpuh | sanak kang saking manusya | iku kang anèng nêgari || |
| 12.20 | kang jumênêng Natèng Cêmpa | Selabêrèt uwakira sayakti | iku anaking waruju | Ki Mas Putra angakang | iku nyawa sadulurira satuhu | kang têdhak saking manusya | iku kang anèng nêgari || |
| 12.21 | marmaning kawula rama | duk ing dangu miyarsa wuwus inggih | paduka têbêng mêmuruk | ing jaya kadikjayan | wulang tuwan sêdaya sampun katêmu | kadhadha dening kawula | sugri aji ngawikani || |
| 12.22 | mulane sih rusanira[3] | wus pinasthi sira dadi prajurit | kawruhing jin sampun putus | sêdaya anèng ing sira |[4] lan pacuwan kang gêpok ing wadon bisuk | têmahe durma tinêmbang | wêkasan cupêting budi || |
| 13. Durma | |
| 13.01 | Kya Nurjaman mangkya nauri wêcana | anak ingsun kyai |[5] sanggup sira ora | angrêbut pamènira | sasat nguripi wong mati | kaliwat wêlas | dening ta wus alami || |
| 13.02 | kurang-kurang uwis mati pamanira | deni[6] uwis alami | Selarasa ngucap | lah dawêk tuduhêna | ing pêrnahing êjin kapir | acacak-cacak | lan manawi kadugi || |
| 13.03 | kyana patih gumujêng asênggak-sênggak | akêplok sarya angling | yèn bèbète rama [[f. 42r]] | sanggupe wis kawêdal | wirang mundur angur mati | dawêk Ki Putra | pun paman mangke ngiring || |
| 13.04 | Selarasa atakèn dhatêng kang rama | sapintên êdohnèki | Pulo Dhêndha paman | wêtawis pitên dina | lêlampahan saking ngriki | Patih Nurjaman | tangginas anauri || |
| 13.05 | yèn manusya lêlampahan pitung dina | yèn sih lakuning êjin | pan ora kewuhan | dêdalaning lumampah | satêngahe bae prapti | ing awang-awang | ibêre kadya thathit || |
45–46 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: yaiku adhinira. (kembali) |
| 2 | ingkang. (kembali) |
| 3 | rosanira (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: sêdaya anèng sira. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: anak ingsun kiyai. (kembali) |
| 6 | dening. (kembali) |