Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 40
43–44 dari 143
429–438 dari 1.427
12.05 olèh ên-gon[1] tumaninah | wus dèn pupu anak dening Ki Sarpin | kaliwat asih sun dulu | ing sanak-sanakira | aja sêmang sanakira balik ingsun | iya nyawa tulungana | mênawi sira tan uning ||
12.06 mulaningsun anèng guwa | pan upêtan si paman iki ngili | ing Pulo Rukmi wus lêbur | musuh wong Pulo Dhêndha | kang abêdhah êjin kapir dunungipun | wiwitanèku mangkana | Ratu Pulo Dhêndha uni ||
12.07 anglamar padhaning kupar | êjin maning kuthane Pulo Jingjrin | tinampanan padha kayun | nanging dadi walgata[2] | jalukane sang putri amung ya iku | dèn ge bêbancaking krama | adhinira Pulo Rukmi ||
12.08 ara laki lamon ora | abêbancik êndhasing Pulo Rukmi | sinanggupan ing sang prabu | ing Pulo Dhêndha ika | nulya luruk maring Pulo Rukmi iku | kang dèn jujuk kuthanira | mulane bêdhah ing nguni ||
12.09 donya bêrana pan kathah | tan dèn etang mung Mas Putra [[f. 40v]: Pu...tra] dèn êprih | dèn daya kênane iku | nulya ingsun tumandang | arêp olih ing rana tan manggah ingsun | nanging ta sadhela ika | nyanane si paman ênting ||
12.10 sun amuking wong Madhêndha | akèh mati ing ratune mèh têpis | malah ratune mèh kundur | mung kari pamanira | Raja Palmin kang durung karêbut iku | dumadakan bêlis lanat | mring sang nata mêmarahi ||
12.11 rêrasaning bêlis lanat | mring Sang Nata Pulo Dhêndha ing nguni | aja ge sang nata kundur | kawilang ratu sabar | dening têka kalah wong sasawi mundur | têka kaya wong wanudya | têka wêdi angêmasi ||
12.12 wong wadon kunên[3] wawuda | amadhêpa ing wong rong puluh sisih | yèn sang patih mara majuk | dèn byokana wanita | pasthi ilang kasaktène patih iku | kagêpoka ing wanita | ilang bayune kya patih ||
12.13 barêng wus prapta ing rana | wong wanudya kang wêwuda ngêbyoki | kagêpok sariraningsun | ing kono tanpa yusya | pan angrasa apês anulya mêlayu | awor lawan wadya kathah | kêdhaton dèn pêlayuni ||
12.14 adhinira Ki Mas Putra | pan sun pondhong sun palayukkên aglis | rowang [[f. 41r]] ingsun mung rong atus | mêlayu ngungsi guwa | Ki Mas Putra kang sun palayoni iku | lah ing kono pamanira | dèn lêlakar ing sang wuri ||
43–44 dari 143

 


ênggon (dan di tempat lain). (kembali)
walgita. (kembali)
konên. (kembali)