Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 40
44–45 dari 143
432–441 dari 1.427
| 12.08 | ara laki lamon ora | abêbancik êndhasing Pulo Rukmi | sinanggupan ing sang prabu | ing Pulo Dhêndha ika | nulya luruk maring Pulo Rukmi iku | kang dèn jujuk kuthanira | mulane bêdhah ing nguni || |
| 12.09 | donya bêrana pan kathah | tan dèn etang mung Mas Putra [[f. 40v]: Pu...tra] dèn êprih | dèn daya kênane iku | nulya ingsun tumandang | arêp olih ing rana tan manggah ingsun | nanging ta sadhela ika | nyanane si paman ênting || |
| 12.10 | sun amuking wong Madhêndha | akèh mati ing ratune mèh têpis | malah ratune mèh kundur | mung kari pamanira | Raja Palmin kang durung karêbut iku | dumadakan bêlis lanat | mring sang nata mêmarahi || |
| 12.11 | rêrasaning bêlis lanat | mring Sang Nata Pulo Dhêndha ing nguni | aja ge sang nata kundur | kawilang ratu sabar | dening têka kalah wong sasawi mundur | têka kaya wong wanudya | têka wêdi angêmasi || |
| 12.12 | wong wadon kunên[1] wawuda | amadhêpa ing wong rong puluh sisih | yèn sang patih mara majuk | dèn byokana wanita | pasthi ilang kasaktène patih iku | kagêpoka ing wanita | ilang bayune kya patih || |
| 12.13 | barêng wus prapta ing rana | wong wanudya kang wêwuda ngêbyoki | kagêpok sariraningsun | ing kono tanpa yusya | pan angrasa apês anulya mêlayu | awor lawan wadya kathah | kêdhaton dèn pêlayuni || |
| 12.14 | adhinira Ki Mas Putra | pan sun pondhong sun palayukkên aglis | rowang [[f. 41r]] ingsun mung rong atus | mêlayu ngungsi guwa | Ki Mas Putra kang sun palayoni iku | lah ing kono pamanira | dèn lêlakar ing sang wuri || |
| 12.15 | iku gusti mulaningwang | pamanira dèn aglis |[2] dening adhinira iku | sun upêtakên ika | ing jro guwa mungguhing bang kidul iku | Ki Selarasa turira | pitên[3] agênge pun adhi || |
| 12.16 | Patih Nurjaman ngandika | dhatêng êjin kang kinèn amarani | aturana anak ingsun | Ki Mas Putra dèn enggal | sigra mangkat êjin kalih kang ingutus | tan adangu nulya prapta | punang jin matur tumuli || |
| 12.17 | Ki Mas andika ngaturan | dening rama dika kyai patih |[4] kyai dhatêngan iku |[5] Mas Putra angandika | iya payo kangên ing rama wus dangu | tan adangu nulya mangkat | prapta ing Guwa Panitis || |
44–45 dari 143
| 1 | konên. (kembali) |
| 2 | Kurang empat suku kata: . (kembali) |
| 3 | pintên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: dening rama dika kiyai patih. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: kyai kadhatêngan iku. (kembali) |