Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13–14 dari 40
48 dari 143
471–480 dari 1.427
13.25 tan uninga sêdaya ing atur kula | majar ratu puniki | ingsun patènana | yèn sira nara wêkca | mulanira sun bandani | sun patènana | kabèh pan padha mati ||
13.26 ênggo apa dudu wong cili sun arah | Mas Putra kang ingsun prih | mastakane benjang | gêgo tukuning krama | saênggone pan sun ukih | sun pupu benjang | kêlawan dhangdhanggêndhis ||
14. Dhandhanggula
14.01 Kyana Patih Nurjaman mangkya ngling | sarya nênggak-nênggak ingkang waspa | gustinira kaparimèn | warta sapungkur ingsun | apa mati atawa urip | kakang ingsun Sang Nata | Palmin kala iku | Ratu ing Pulo Madhêndha | satêkane sira mênangi duk mulih | apa dèn gawa ara ||
14.02 sakwèh êjin matur sarya nangis | mila kawula sarira lupa | kenging cinêkêlan kabèh | mila tan wagêt dulu | raka tuwan dipun sakiti | dèn sèrèd linalarak | ingidêk lir gadhung | dèn sèrèt marang pakuwon |[1] kinèn miyosakên ing Mas Putra gusti | punika tur kawula ||
14.03 kang sinambat dening kangjêng gusti | mung paduka kêlawan Mas Putra | sinambate karunane | Patih Nurjaman muwus | pênangise kang punang êjin [[f. 44v]] | gumrah suwaranira | kadya langit rubuh | panangisipun sêdaya | kadya gêrah tangise êjin lir prêri | gugoning gustinira ||
14.04 Selarasa wau data[2] nangis | pan kèngêtan lah yèn titahing Yyang | tandhane yèn ora duwe | kawula iki suwung | kudu ngrasa duwe sakalir | paksa kuwasa murba | ing Allah lan ayun | raga yèn sampun duduman | ara kêna sawalaa ing sakapti | karsane kawisesa ||
14.05 sampun tutug apikir pribadi | Selarasa bisa balik bêlah | dèn gugu ing palare |[3] èngêt lagya ing dangu | Ki Lobama duk mituturi | kawula waji[4] nalar | èngêt ing jro kalbu | mêngkana ciptaning nala | yèn mungêna anuruti basa takdir | tan karêbut si paman ||
14.06 awêkasan sira muwus aris | lah ta sampun yayi akaruna | lah si paman kaya rare | sintên kang datan wêruh | lah yèn trisna tiyang wawargi | sumilih satu kewan | wontên têrsnanipun | luwih êjin lan manusa | pan puniki kang kacap ing kadis dalil | pundi dèn linggihana ||
14.07 nulya ngrangkul Nurjaman sarya ngling | adhuh gusti anak ingsun nyawa | têgane luwih budine | tuwa kang kaya ingsun | sira gusti apan wus uning | ing ngèlmu mangaripat | mapanira dhawuk | dhawuk sote kaya jaran | durung idhêp ing ngèlmu amung pawèstri | tansah gunggung karosan ||
14.08 lah ta payo mantuk ing jro puri | sêsarean anèng dalêm pura | lawan arinira kene | wêkasaning tatêmu | mêngko esun[5] akon ngulati | badhe ing dhaharira | kene lăngka sêkul | ulam tan ilok adhahar | dening êjin mung kukuse sarwa sari | kang dèn pangan sadina ||
48 dari 143

 


Biasanya guru lagu a. (kembali)
datan. (kembali)
Kurang satu suku kata: dèn gugu ing panalare. (kembali)
wajib. (kembali)
ingsun. (kembali)