Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 40
50–51 dari 143
492–501 dari 1.427
14.20 sasampuning ngadêk sira nuli | angantia gêbyare kang kilat | sakêdhap tan katon mangke | awor lan mega sampun | anglayang midêr tumuli |[1] wus lêpas punang kuda | katuwukan [[f. 46v]: katu...wukan] kayun | anut sarèhe kang nunggang | tan kawarna midêre binakta balik | jaran dèn Selarasa ||
14.21 nulya bali dhatêng Pulo Rukmi | nulya ngampar ibêre anglayang | dipun kêncêngi apuse | dhawuh ing alun-alun | sigra mapak sakèhing êjin | gawok sakèhing mulat | dhatêng sang abagus | dening wus wasis ing kuda | Kyana Patih Nurjaman sigra anganti | dhatêng wau kang putra ||
14.22 pan binakta linggih srimênganti | Selarasa sineba ing tantra | sakyèh ngêjin pêpêk kabèh | Patih Nurjaman dulu | ingkang putra anom apêkik | rasa-rasa kèn kesah | manahe kadaud | ki patih ya ta angucap | uwis nyawa aja lunga saking ngriki | sira jênênga nata ||
14.23 sumbalinga sira lunga gusti | iya lamon jaya lampahira | yèn tiwas apa dadine | mapan ratu puniku | sakti padha arewang bêlis | matia dadi apa | pun paman ing besuk | anêmbah Ki Selarasa | pan kapundhi sih paduka dhatêng kami | kawula arsa kesah ||
14.24 datan kandhêk kawula anèng ngriki |[2] sun pêndhête kariyin pun paman | paduka kantuna kene | lan yayi mas puniku | ngêdhatona ing Pulo Rukmi | paduka rumaksaa | jumênênga ratu | Patih Nurjaman ngandika | ora kêna ratu iku luwih sakti | manawa kawênangan ||
14.25 Selarsa ature amanis |[3] insa Allah paman kadya kêna [[f. 47r]: kê...na] | ratu punika pêjahe | Patih Nurjaman muwus | ora kêna matèni êjin | saluwihane jalma | ingsun durung ngrungu | manusa padha manusa | amatèni kêna êjin padha êjin | iku sun amiyarsa ||
14.26 Selarasa nêmbah matu[4] aris | nadyan paman dhumatêng ing pêjah | ratu punika tan wande | kula prih patihnipun[5] | kyana patih ari[6] nauri | yèn sih mêngkona nyawa | pun paman jumurung | nanging mas dipun prayatna | aja lena Selarasa anauri | paman barkat paduka ||
14.27 saking pundi arahe sing ngriki | Pulo Dhêndha puniku ta paman | Patih Nurjaman saure | kaprênah lor puniku | Pulo Dhêndha jêrbar[7] tur radin | Selarasa angucap | paman amit ingsun | tarênggos kuda sun tilar | ing ngariki kulambi lawan camêthi | paman kawula bêkta ||
14.28 kyana patih mangke amêmêling | Ki Mas Putra sira ngêdhatona | si paman milu kakange | kang tinilar tanpayun | lêhêng kula sarêng ngêmasi | rama kalih pun kakang | nanging datan asung | Ki Mas Putra aris nêmbah | inggih paman dipun prayatna ing margi | mugi rinêksa ing Yyang ||
14.29 Selarasa mangke muwus aris | inggih paman yèn arsa tumuta | dawêk alah dipun age | patih wawêlingipun | gustinira rêksanên sami | sawuri dèn payatna[8] | pacuwan katungkul | sampun tutuk amêmêkas | sigra mabur wus angukuli jêladri | pêpatih [[f. 47v]: pê...patih] lan Selarasa |[9]|
50–51 dari 143

 


Kurang satu suku kata: angêlayang midêr tumuli. (kembali)
Lebih satu suku kata: datan kandhêk kawula nèng ngriki. (kembali)
Kurang satu suku kata : Selarasa ature amanis. (kembali)
matur. (kembali)
patinipun. (kembali)
aris. (kembali)
jêmbar. (kembali)
prayatna. (kembali)
Lebih satu suku kata: patih lan Selarasa. (kembali)