Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
14 dari 40
50–51 dari 143
495–504 dari 1.427
| 14.23 | sumbalinga sira lunga gusti | iya lamon jaya lampahira | yèn tiwas apa dadine | mapan ratu puniku | sakti padha arewang bêlis | matia dadi apa | pun paman ing besuk | anêmbah Ki Selarasa | pan kapundhi sih paduka dhatêng kami | kawula arsa kesah || |
| 14.24 | datan kandhêk kawula anèng ngriki |[1] sun pêndhête kariyin pun paman | paduka kantuna kene | lan yayi mas puniku | ngêdhatona ing Pulo Rukmi | paduka rumaksaa | jumênênga ratu | Patih Nurjaman ngandika | ora kêna ratu iku luwih sakti | manawa kawênangan || |
| 14.25 | Selarsa ature amanis |[2] insa Allah paman kadya kêna [[f. 47r]: kê...na] | ratu punika pêjahe | Patih Nurjaman muwus | ora kêna matèni êjin | saluwihane jalma | ingsun durung ngrungu | manusa padha manusa | amatèni kêna êjin padha êjin | iku sun amiyarsa || |
| 14.26 | Selarasa nêmbah matu[3] aris | nadyan paman dhumatêng ing pêjah | ratu punika tan wande | kula prih patihnipun[4] | kyana patih ari[5] nauri | yèn sih mêngkona nyawa | pun paman jumurung | nanging mas dipun prayatna | aja lena Selarasa anauri | paman barkat paduka || |
| 14.27 | saking pundi arahe sing ngriki | Pulo Dhêndha puniku ta paman | Patih Nurjaman saure | kaprênah lor puniku | Pulo Dhêndha jêrbar[6] tur radin | Selarasa angucap | paman amit ingsun | tarênggos kuda sun tilar | ing ngariki kulambi lawan camêthi | paman kawula bêkta || |
| 14.28 | kyana patih mangke amêmêling | Ki Mas Putra sira ngêdhatona | si paman milu kakange | kang tinilar tanpayun | lêhêng kula sarêng ngêmasi | rama kalih pun kakang | nanging datan asung | Ki Mas Putra aris nêmbah | inggih paman dipun prayatna ing margi | mugi rinêksa ing Yyang || |
| 14.29 | Selarasa mangke muwus aris | inggih paman yèn arsa tumuta | dawêk alah dipun age | patih wawêlingipun | gustinira rêksanên sami | sawuri dèn payatna[7] | pacuwan katungkul | sampun tutuk amêmêkas | sigra mabur wus angukuli jêladri | pêpatih [[f. 47v]: pê...patih] lan Selarasa |[8]| |
| 14.30 | tan adangu sampun angukuli | Pulo Dhêndha pan sampun kadungkap | sirêp jalma ing wayahe | Selarasa ris matur | kêdhatone kang mênggah pundi | arah-arahe paman | Nurjaman sumaur | kurang dhidhik rada ngilyan | payo ta lah rada mangulon sadhidhik | gumingsir radi ngampar || |
| 14.31 | dyan warnanên mangke sang jin kapir | ingkang jaga alanglang nêgara | raina seje gilire | kang kabobohan dalu | langlang kutha êjin sakêthi | pasthi tan ana nendra | kasukan ing dalu | lawan kang kêmit ing pura | sami gilir têmu gêlang dèn idêri | ing purane sang nata || |
| 14.32 | suka-sukan[9] kathah ingkang kêmit | ingkang langlang êjin sasêlaran | kang ora ana turune | Selarasa amuwus | kathah têmên êjin puniki | ana langlang ing wiyat | anèng lêmah nusup | pêrnahe pundi ta paman | wontên pundi kya patih angling manawi | dinokok sandhing pura || |
50–51 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: datan kandhêk kawula nèng ngriki. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata : Selarasa ature amanis. (kembali) |
| 3 | matur. (kembali) |
| 4 | patinipun. (kembali) |
| 5 | aris. (kembali) |
| 6 | jêmbar. (kembali) |
| 7 | prayatna. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: patih lan Selarasa. (kembali) |
| 9 | sukan-sukan. (kembali) |