Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14–15 dari 40
51–52 dari 143
503–512 dari 1.427
14.31 dyan warnanên mangke sang jin kapir | ingkang jaga alanglang nêgara | raina seje gilire | kang kabobohan dalu | langlang kutha êjin sakêthi | pasthi tan ana nendra | kasukan ing dalu | lawan kang kêmit ing pura | sami gilir têmu gêlang dèn idêri | ing purane sang nata ||
14.32 suka-sukan[1] kathah ingkang kêmit | ingkang langlang êjin sasêlaran | kang ora ana turune | Selarasa amuwus | kathah têmên êjin puniki | ana langlang ing wiyat | anèng lêmah nusup | pêrnahe pundi ta paman | wontên pundi kya patih angling manawi | dinokok sandhing pura ||
14.33 Selarasa matur awotsari | inggih paman mangke kula cacak | sun sirêp êjin sakabèh | Patih Nurjaman wuwus | lah ta iya dèn enggal gusti | mêngko ingsun mêcalang | bok ana jin wêruh | lah ta aja kalayatan | pan ing kene uga langlangane prapti | mênawa kawênangan ||
14.34 Selarasa tumêdhak ing siti | sampun ngèsthi ing prayatnanira | adan winatêk mantrane | sarya siti sinawur | pangping[2] tiga wangêningrèki[3] | nawuri dalêm pura | tan adangu wangsul | ing jawi jroning kadhatyan | para êjin kang langlang lawan kang kêmit | sadaya sampun nendra [[f. 48r]: ne...ndra] ||
14.35 samya sirêp sêkathahing êjin | miwah kayun tan ana kanginan | rêp-sirêp sakutha kabèh | Selarasa amuwus | dawêk paman mêdhun tumuli | kya patih agraita | ing sajrone kalbu | si bagus iki prawira | luwih wani pan sampun asalin gêndhing | gatraning raras driya ||
15. Mijil
15.01 wus tumêdhak ing siti sakalih | ing larta[4] kêdhaton | Selarasa angling dawêk mangko |[5] paman dawêk malêbêt jro puri | kubah wus dèn wingkis | kalih wus malêbu ||
15.02 sri nalendra kapanggih aguling | malumah anglojor | Selarasa waspaos tingale | agêng têmên paman ratu iki | sarirane iki | lir tambaga sêpuh ||
15.03 agadhèk[6] wok simbar jaja jrihi | jêjenggot babrêngos | Kya Nurjaman aris ing wuwuse | luwih gêdhe sakti saha wani | têguh rusa iki | pilih lawan musuh ||
15.04 bala ratu sami êjin kapir | asring abêbayong[7] | uwis ta lah mundura age |[8] aja suwe angadêg ing ngriki | pamanira gusti | rinuruh karuhun ||
15.05 sampun sêmang sampeyan ing galih | yèn paman arsa non | mangke ratu iki sun dhupake | lah tangia si lanat kapir |[9] kapanjingan maling | aturu barubuh ||
51–52 dari 143

 


sukan-sukan. (kembali)
kaping. (kembali)
wangênirèki. (kembali)
latar. (kembali)
Biasanya guru lagu e. (kembali)
agodhèg. (kembali)
abêboyong. (kembali)
Kurang satu suku kata: uwis ta lah amundura age. (kembali)
Kurang satu suku kata: lah tangia sira lanat kapir. (kembali)