Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 40
48–49 dari 143
475–484 dari 1.427
14.03 kang sinambat dening kangjêng gusti | mung paduka kêlawan Mas Putra | sinambate karunane | Patih Nurjaman muwus | pênangise kang punang êjin [[f. 44v]] | gumrah suwaranira | kadya langit rubuh | panangisipun sêdaya | kadya gêrah tangise êjin lir prêri | gugoning gustinira ||
14.04 Selarasa wau data[1] nangis | pan kèngêtan lah yèn titahing Yyang | tandhane yèn ora duwe | kawula iki suwung | kudu ngrasa duwe sakalir | paksa kuwasa murba | ing Allah lan ayun | raga yèn sampun duduman | ara kêna sawalaa ing sakapti | karsane kawisesa ||
14.05 sampun tutug apikir pribadi | Selarasa bisa balik bêlah | dèn gugu ing palare |[2] èngêt lagya ing dangu | Ki Lobama duk mituturi | kawula waji[3] nalar | èngêt ing jro kalbu | mêngkana ciptaning nala | yèn mungêna anuruti basa takdir | tan karêbut si paman ||
14.06 awêkasan sira muwus aris | lah ta sampun yayi akaruna | lah si paman kaya rare | sintên kang datan wêruh | lah yèn trisna tiyang wawargi | sumilih satu kewan | wontên têrsnanipun | luwih êjin lan manusa | pan puniki kang kacap ing kadis dalil | pundi dèn linggihana ||
14.07 nulya ngrangkul Nurjaman sarya ngling | adhuh gusti anak ingsun nyawa | têgane luwih budine | tuwa kang kaya ingsun | sira gusti apan wus uning | ing ngèlmu mangaripat | mapanira dhawuk | dhawuk sote kaya jaran | durung idhêp ing ngèlmu amung pawèstri | tansah gunggung karosan ||
14.08 lah ta payo mantuk ing jro puri | sêsarean anèng dalêm pura | lawan arinira kene | wêkasaning tatêmu | mêngko esun[4] akon ngulati | badhe ing dhaharira | kene lăngka sêkul | ulam tan ilok adhahar | dening êjin mung kukuse sarwa sari | kang dèn pangan sadina ||
14.09 mulaningsun angkon[5] angulati | dhêdhaharan sêkul lawan ulam | badhe dhaharira anggèr | Selarasa umatur | sadènge[6] anuhun ing sih |[7] saking sihipun paman | kula laminipun [[f. 45r]: laminipu...n] | duk sah saking ing nêgara | dèrèng kongsi kasurupan ing rajêki | lagya rahmating Alla[8] ||
14.10 Kya Nurjaman saurira aris | apa ta lah yèn tan arsa dhahar | amêng-amêngan bae |[9] sakarêp manira iku |[10] apa ta lah duk anèng nêgari |[11] kasukana baita | apa rêmên ujung | utawa rêmên ing kuda | iki ana aran jaran Sabêrani[12] | ijo lir sambêr ilyan ||
14.11 saking Ngajêrak angsaling ing nguni |[13] têtilare iyang-iyangira | anak putune sira nès | kandhane sêkar diyu | lagi durung dèn paratholi[14] | maksih jalu ya êlar | iku bisa mabur | parantine iyangira | kakang Prabu ing Cêmpa kala tatilik | ing swarga ramanira ||
14.12 Selarasa ature amanis | wontên pundi pun paman punika | kuda pundi ing pêrnahe | Patih Nurjaman wuwus | duk kacandhak pamaningrèki[15] | dening Ratu Madhêndha | jaran iku ucul | samana ingsun kang nyandhak | kundhaline sun uculakên tumuli | Selarasa atur sêmbah |[16]|
48–49 dari 143

 


datan. (kembali)
Kurang satu suku kata: dèn gugu ing panalare. (kembali)
wajib. (kembali)
ingsun. (kembali)
akon. (kembali)
sadèrènge. (kembali)
Kurang satu suku kata: sadèrènge anuhun ing sih. (kembali)
Allah. (kembali)
Kurang satu suku kata: amêng-amêngana bae. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: sakarêp manirèku. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: apa ta lah duk nèng nêgari. (kembali)
12 Variasi: Sêmbrani (dan di tempat lain). (kembali)
13 Lebih satu suku kata: saking Ngajêrak angsaling nguni. (kembali)
14 parotholi. (kembali)
15 pamanirèki. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: Selarasa tur sêmbah. (kembali)