Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
14 dari 40
48–49 dari 143
480–489 dari 1.427
| 14.08 | lah ta payo mantuk ing jro puri | sêsarean anèng dalêm pura | lawan arinira kene | wêkasaning tatêmu | mêngko esun[1] akon ngulati | badhe ing dhaharira | kene lăngka sêkul | ulam tan ilok adhahar | dening êjin mung kukuse sarwa sari | kang dèn pangan sadina || |
| 14.09 | mulaningsun angkon[2] angulati | dhêdhaharan sêkul lawan ulam | badhe dhaharira anggèr | Selarasa umatur | sadènge[3] anuhun ing sih |[4] saking sihipun paman | kula laminipun [[f. 45r]: laminipu...n] | duk sah saking ing nêgara | dèrèng kongsi kasurupan ing rajêki | lagya rahmating Alla[5] || |
| 14.10 | Kya Nurjaman saurira aris | apa ta lah yèn tan arsa dhahar | amêng-amêngan bae |[6] sakarêp manira iku |[7] apa ta lah duk anèng nêgari |[8] kasukana baita | apa rêmên ujung | utawa rêmên ing kuda | iki ana aran jaran Sabêrani[9] | ijo lir sambêr ilyan || |
| 14.11 | saking Ngajêrak angsaling ing nguni |[10] têtilare iyang-iyangira | anak putune sira nès | kandhane sêkar diyu | lagi durung dèn paratholi[11] | maksih jalu ya êlar | iku bisa mabur | parantine iyangira | kakang Prabu ing Cêmpa kala tatilik | ing swarga ramanira || |
| 14.12 | Selarasa ature amanis | wontên pundi pun paman punika | kuda pundi ing pêrnahe | Patih Nurjaman wuwus | duk kacandhak pamaningrèki[12] | dening Ratu Madhêndha | jaran iku ucul | samana ingsun kang nyandhak | kundhaline sun uculakên tumuli | Selarasa atur sêmbah |[13]| |
| 14.13 | napa kenging yèn cikêkêl[14] malih | kula paman kapingin kawula | Nurjaman aris wuwusing |[15] dhuh gusti anak ingsun | lamon sira arsa udani | sun aturakên pisan | ing sira puniku | lawan samaktaning kuda | lan camêthi rewange tarênggos rukmi | lan kulambine pisan || |
| 14.14 | kyana patih angling dhatêng êjin | kang ginangsing enggal-enggal [[f. 45v]: enggal-...enggal] lampahira |[16] sira ajuputa age | marang ing jaran iku | anèng kana ing bukit Tarji | aja ta kêlayatan | mintar kang ingutus | tan adangu lampahira | sigra prapta putusan abêkta tèji | wus katur punang kuda || |
| 14.15 | Selarasa gêgêtun ningali | dening enggal prataning[17] putusan | dening tan katon gununge | lan malih gawokipun | dening kuda ulêsing wilis | muncar lir manik toya | tuhên lara[18] jalu | amuwus Ki Selarasa | paman patih kawula amit nitihi | dhatêng kuda pun dika || |
| 14.16 | kyana patih muwus sarya ngêlirik |[19] ing Mas Putra kèn ngêngabahana | samakta sabah-abahe | kinakapanan sampun | ingèbèkan kêncana rukmi | pinatik ing sêsotya | langkung ting pêlancur | mèh surêm kang giwangkara | dening soroting sêsotya di lêwih |[20] awor ulêsing kuda || |
| 14.17 | adan mintar sira sang apêkik | arsa nitih wau dhatêng kuda | aglis dèn candhak apuse | prayuga sikêpipun | dènnya mancat ing săngga wêdhi | Patih Nurjaman ing bang | nitih sang abagus | Mas Putra mêndhêk ing wuntan[21] | sarya mundhi camêthi ingawe aglis [[f. 46r]] | wau dening kang raka || |
48–49 dari 143
| 1 | ingsun. (kembali) |
| 2 | akon. (kembali) |
| 3 | sadèrènge. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: sadèrènge anuhun ing sih. (kembali) |
| 5 | Allah. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: amêng-amêngana bae. (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: sakarêp manirèku. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: apa ta lah duk nèng nêgari. (kembali) |
| 9 | Variasi: Sêmbrani (dan di tempat lain). (kembali) |
| 10 | Lebih satu suku kata: saking Ngajêrak angsaling nguni. (kembali) |
| 11 | parotholi. (kembali) |
| 12 | pamanirèki. (kembali) |
| 13 | Lebih satu suku kata: Selarasa tur sêmbah. (kembali) |
| 14 | cinêkêl. (kembali) |
| 15 | Biasanya guru lagu e(o): wuwuse. (kembali) |
| 16 | Lebih dua suku kata: kang ginangsing enggal lampahira. (kembali) |
| 17 | praptaning. (kembali) |
| 18 | lare. (kembali) |
| 19 | Lebih satu suku kata: kyana patih muwus sarya nglirik. (kembali) |
| 20 | Kurang satu suku kata: dening soroting sêsotya adi lêwih. (kembali) |
| 21 | wuntat. (kembali) |