Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 40
52–53 dari 143
517–526 dari 1.427
15.10 Selarasa asring nênakèni | Nurjaman lingnya lon | têka gêgêl kang putra sok takon |[1] iya gusti yèn sira tan uning | putri ingkang luwih | sadulure ratu ||
15.11 ingkang wêdrah punika kang pundi | patih ngandika lon | ingkang èstri nênggih ingkang anèm | Selarasa angling paman patih | paduka têr mami | yun waspaos dulu ||
15.12 kyana patih muwus ngasih-asih | aja ge mangkono [[f. 49r]: mangko...no] | têka sira gusti salah gawe | angur kita padha angulati | Selarasa nuli | anut nulya mêtu ||
15.13 kyana patih tansah dèn takoni | masalahing wadon | botên laki kawula mulane | Ki Nurjaman atutur sarya ngling | akèh kang ngrasani | dadi tanpa yun |[2]|
15.14 arsa laki manusya kang luwih | salawasing mangko | tarak brangta tan ana pêgate | pan kapingin laki jalma luwih | jêjuluking putri | Sang Rêtna Pangrênyut[3] ||
15.15 pan wus gêmêt gènnya angulati | pêrnahing sang katon | Selarasa ing mangke ataros |[4] dhatêng pundi paman angulari | pêrnahe rama ji | pan dèrèng katêmu ||
15.16 dawêk paman kesah angulati | mênawi lêlangon | kula wangsul amungu putrane | mênawi kenging dipun takèni | mèngsêm kyana patih | amuwus jro kalbu ||
15.17 ara linyok ujar ingsun iki | bocah iki mangko [[f. 49v]] | kêna bêncana ing lêlagehane |[5] tiru tiyang dhêmênane èstri | lah ta iya gusti | paman mangke mêtu ||
15.18 Selarasa wangsul ing jro puri | kyana patih miyos | angulari dhatêng ing wangsane | Selarasa mring dagan sang putri | waspaos ningali | manahira kanyut ||
15.19 Selarasa wuwusira aris | wungu lir sêsinom | ayu têmên wêrnanira anggèr | uwis lawas sun urip puniki | durung aningali | kaya sira maskun ||
52–53 dari 143

 


Biasanya guru lagu e. (kembali)
Kurang satu suku kata: dadi tanpa kayun. (kembali)
Pangrênyuh (dan di tempat lain). (kembali)
Biasanya guru lagu e. (kembali)
Lebih satu suku kata: kêna bêncana ing lagehane. (kembali)