Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 40
55 dari 143
541–550 dari 1.427
15.34 Ni Parênyuh sigra nulya linggih | sarêng samya anon | sumyar pandam mubyar ing padhange | sang suputri waspada ningali | astane tinarik | ngipatakên mungkur ||
15.35 sang dyah angling ing sajroning galih | apa iki uwong | lamun êjin pan dudu mangkene | yèn manusa dening luwih sakti | kongsi wruh mariki | lah dening bagus |[1]|
15.36 Selarasa mêndhêk saking wingking | panyêkêle alon | pan tinarik-tarik ing sijange[2] | pamuwusing anglir madu gêndhis | kawula ta gusti | kêkasih mêgatruh [[f. 51r]] ||
Puh Pamiyos[3]
15.37 Selarasa wuwuse amanis | dhatêng sang dyah arum | êmas sampun andika rutik[4] | manusya kula sayakti | marmine dhatêng ngriki | kawula arsa takon ||
15.38 sang rêtna yu tangise angringik | sang dyah awor guyu | ing wirange duk angipi | apêpanggih lan wong iki | têkane andaradasih | alinggih ing paturon ||
15.39 pan sinăngga remaning awilis | pan kadi lir santun | remane panjang awilis | sang kakung aris wuwuse | mas ayu pun anangis | rema iman runtuh ||
15.40 kawulaning gusti amit gipih | anăngga gagêlung | eman tiba kangsrah ing siti | remane wong luwih iki | mas mirah andika nulih | kawula arsa takon ||
15.41 sampun gusti wong ayu luwih | amaos ing bêndu | lawan sanak kula ing gusti | mênawa sang nata uning | dados punapa kang abdi | ingsun tan wande putung ||
15.42 sang dyah mèngsêm anulih gipih | sami parêng andulu | sang dyah muwus mungkur kalihe | uculêna dhingin iki | arsa atakèn dhingin | dhatêng andika mangko ||
15.43 Selarasa nauri ririh | wêcana arum | adhuh gusti jiwaningsun nini | aris dènira nauri | patakèn andika gampil | kewala atakon ||
55 dari 143

 


Kurang satu suku kata: lah dening abagus. (kembali)
sinjange. (kembali)
Nama "pamiyos" ini sama dengan "mijil", maka dianggap lanjutan dari Pupuh Mijil di sebelumnya dan bukan pupuh baru atau sejenis pupuh berbeda dengan pupuh Mijil. Walaupun demikian, mulai bait 37 sampai 64 berikut, guru wilangan dan guru lagu tidak konsisten, dan tidak sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali)
runtik. (kembali)