Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17 dari 40
61–62 dari 143
608–617 dari 1.427
17.16 pêrnahing punang kênjara | Selarasa wus udani | sang dyah lingira wêcana | kakang kawula mit mulih | lêsu awak kêpati | dèn kapakêna ta ingsun | kakungira angaras | iya muliha kariyin | agulinga tan dangu pun kakang prapta ||
17.17 adan Selarasa bungkar | watu kinarya tatindhih | ing luwang kenging sanunggal | nulya ingukaban[1] malih | têtiga sampun kenging | tutuping luwang puniku | kasênênan ing pandam | ing luwang padhang kaaksi | katingalan lagya pitêkur sang nata ||
17.18 astane tinali raga | têtaline rantê[2] wêsi | sang nata tan kêna obah | amung yèn sidhakêp kenging | jroning kunjara wêsi | sikile rantene [[f. 56v]: ra...ntene] agung | wêlas yèn tiningalan | Sang Nata ing Pulo Rukmi | yèn tumungkul pujine tanpa pêgata ||
17.19 angêrtia Selarasa | kadi ginăngsa kang galih | mèh tumètès ingkang waspa | Selarasa linging ati | ala têmên sang aji | angur patènana dangu | sumandene dèn lara | wong atuwaningsun iki | dawêk paman paduka kawula bêkta ||
17.20 malêbêt sajroning guwa | Ki Selarasa tumuli | kunjara wêsi binêkta | jinujung sampun tininggil | sampun binêktèng jawi | Raja Palmin kagèt jumbul | angucap jroning nala | sun dèn kapakakên iki | kang kunjara wêsi bêngi pan dèn gawa ||
17.21 dèn sèlèhakên ing latar | kunjara kasênên sasi | awor lan padhange pandam | Selarasa aningali | yèn mangke Raja Palmin | saya tan kêna andulu | kalingan dening waspa | sutyane[3] abuh abintit | Selarasa muwus sêmu awor waspa ||
17.22 sampun watos manah tuwan | paman Prabu Pulo Rukmi | kawula putra paduka | ing paman atalang pati [[f. 57r]: pa...ti] | lah paduka tingali | Raja Palmin kagèt muwus | sapa sira manusya | atawa ta sira êjin | angur ingsu[4] baya patènana pisan ||
17.23 dangu imbalan wêcana | kasaru Nurjaman prapti | pan midêr apailaran | kang raka datan kêpanggih | malah wangsul ing puri | Ki Selarasa kadulu | dawêk wontên ing latar | ngadhêpi kunjara wêsi | glis rinangkul wau ta Ki Selarasa ||
17.24 gusti anak ingsun nyawa | sing ngêndi gone kapanggih | ramanira iku nyawa | ingsun wus midêr ngulati | Nurjaman nêmbah aris | dhatêng kang raka puniku | sing jawining kunjara | raka kawula ngulari | kapiyarsa dening Raja Palmin ika ||
17.25 yèn syarane rayinira | Patih Nurjaman kang prapti | lêsu tyasira sang nata | Nurjaman amuwus aris | Ki Selarasa gusti | payo dèn ganjang[5] lumayu | ingsun mikul kunjara | Selarasa awotsari | dawêk paman raka paman tuwan bêkta ||
61–62 dari 143

 


ingungkaban. (kembali)
rante. (kembali)
sotyane (dan di tempat lain). (kembali)
ingsun. (kembali)
gancang. (kembali)