Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17–18 dari 40
62–63 dari 143
619–628 dari 1.427
17.27 kawula pan wontên karya | kang kantos amung sadhidhik | Patih Nurjaman angucap | lah iya ta aja lami | poma dèn ngati-ati | Patih Nurjaman wus mabur | kantun Ki Selarasa | gugoni manah arsa mrih | ing sang na[1] pinupuh asmaradona |[2]|
18. Asmaradana
18.01 adan Selarasa prapti | ing prênahira sang nata | mapan maksih ta asare | sang pêkik marani sigra | sang nata glis cinandhak | cinandhangan[3] apusipun | binănda lan ingkêt[4] pinggang ||
18.02 prandene maksih aguling | sikile karo [[f. 57v]: ka...ro] sang nata | binalênggu ngapus kiye | cinukur rambute ika | sang nata pan dhinupak | malah kagingsir sang prabu | prandene maksih anendra ||
18.03 maksih ngarok gènnya guling | Selarasa wuwusira | tangia lanat kapire | alèhe[5] balubuk sira | pan sinèrèt sang nata | tinibakakên ing lêbu | sinèrèt kangsi mring latar ||
18.04 tinangi sêsirêp iki | dening wau Selarasa | sang nata anglilir sare | sigra nyêntak sri nalendra | asru gènnya angucap | sapa manusane iku | têka wani-wani sira ||
18.05 Selarasa muwus aris | wruhanira ta sang nata | yèn sira tanbuh maringong | iya ingsun Selarasa | ingsun manusa Cêmpa | Raja Palmin ingkang sunu | kang dèn lêlara dènira ||
18.06 ingsun arsa amalêsi | saukuming ramaningwang | budia lanat kapire | sang nata sira miyarsa | tan sinipi dukanya | iya manusa sirèku | apa sira gon bêbandan ||
18.07 anging sun yèn tan pêgoti | wêsi tan ana tumama | sumaur Selarane |[6] têka mara angrasaa | coba apêgatêna | wus takdir ta sirèku |[7] srêngên wau sri nalendra ||
18.08 angrasa abêkuh sarwi | datan pêgat apusira | tan bisa usik ragarane |[8] wuwuhaning sakti raga | dèn balênggu pus sira | sun rangkul lan ikêt pinggung | tan kêna abah sang nata ||
18.09 sang nata angrês nauri | angur ingsun patènana | aja dèn wirang mangkene | dudu wong abêcik sira | Selarasa angucap | bisa têmên sira iku | tan angrasa duwe dosa ||
62–63 dari 143

 


nata. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing sang nata pinupuh asmaradona. (kembali)
cinancangan. (kembali)
ikêt. (kembali)
olèhe. (kembali)
Kurang satu suku kata: sumaur Selarasane. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus takdir ta sira iku. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan bisa usik ragane. (kembali)