Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 40
7–8 dari 143
68–77 dari 1.427
02.12 Selagănda wuwusira | kawula mêngkatên malih | sakêlangkung lêsu lupa | kapingin amanggih bukti | samar mintara maning | saking awak ingsun lêsu | Selarasa miyarsa | sêsambate raka kalih | kapiluyu têtiga arêrangkulan ||
02.13 adhuh kakang sanak ingwang | kawula mêngkatên malih | katiga lara karuna | ing salamine dumadi | duk ana ing nêgari | tau tate mukti tuhu | mangke kadi baksana | angraos lara kêpati | Selasyara sêsambate amêlasarsa |[1]|
02.14 adhuh rama tingalana | putra tuwan kawêlasasih |[2] nora wurung yayi kita | mati anèng pulo ngriki | Selagănda nauri | wande enaking nêmu |[3] ingkang dadi usada | pêrih atiningsun iki | Selarasa alon matur ingkang raka ||
02.15 yèn mêngkatên ta lah kakang | paduka kantun ing ngriki | sampun paduka akesah | kawula mangke ngulari | wowohan ing ngariki | lah yèn ing panyananingsun | pulo puniki têngah | pantês wontên dhukuhnèki | lah kantuna wong kêkalih kula kesah ||
02.16 Selasyara aris majar | adhuh ariningsun gusti | wus katêdha ing sihira | aja lunga sira yayi | barêng sapati urip | aja [[f. 7v]: a...ja] pisah wong tatêlu | yayi sapa wêruha | angkêr têmên pulo iki | sira lunga mênawi ana durbiksa ||
02.17 Selarasa wuwusira | kangkang[4] dika mêntah malih | gêdhongana kuncènana | ing pati tan kêna gingsir | wus panduming Yang Widi | saking tulis lohingmahpul | lah paduka kantuna | kang raka ngandika aris | lah ta iya yayi kang pênêt ing marga ||
02.18 pan sampun Ki Selarasa | nêngah ing pulo tumuli | ana wukir lêbak-lêbak | ningali toya awêning | ing sabrangan kaèksi | bêbanjaran wohing anbut | kang pêlêm wohe sinang | bangwang bêmbêm kawèni |[5] jêruk jirêt salak kapundhung rambutan ||
02.19 sêkathahing kang wowohan | pan lagya sêdhêng ngêmohi | samăngka jingga lan nanas | capêdhak lan jêruk kuwik | durèn manggis anggêrit | arêmpayak wohe antub | sêgayuhan pan kêna | dhuku langsêp runtuh sami | angrêmpayak sami rinambatan sêdhah ||
02.20 Selarasa linging nala | iki parmining Yyang Widi | manggih têtambane lapa | lajêng anabrang tumuli | Selarasa ningali | maring wong kang lagya lungguh | anèng ing sela karang | kagubêd ing ayot[6] sami | Selarasa cêngêng dènira tumingal ||
02.21 kêkasihe ingkang tapa | awasta Ki Sèh Nursaid | sampun angsal tigang jaman | lamine amêsu ragi | tan mawi dhahar guling | mung kukusing sarwa santun | ingkang ingaras-aras | kang minăngka dhaharnèki [[f. 8r]] | mung Yyang Suma[7] kang kaèsthi i[8] jro nala ||
7–8 dari 143

 


Lebih satu suku kata: Selasyara sêsambate mêlasarsa. (kembali)
Lebih satu suku kata: putra tuwan kawlasasih. (kembali)
Kurang satu suku kata: wande enaking panêmu. (kembali)
kakang. (kembali)
Kurang satu suku kata: bangwang bêmbêm lan kawèni. (kembali)
oyot. (kembali)
Sukma (dan di tempat lain). (kembali)
ing (dan di tempat lain). (kembali)