Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 40
8–9 dari 143
72–81 dari 1.427
| 02.16 | Selasyara aris majar | adhuh ariningsun gusti | wus katêdha ing sihira | aja lunga sira yayi | barêng sapati urip | aja [[f. 7v]: a...ja] pisah wong tatêlu | yayi sapa wêruha | angkêr têmên pulo iki | sira lunga mênawi ana durbiksa || |
| 02.17 | Selarasa wuwusira | kangkang[1] dika mêntah malih | gêdhongana kuncènana | ing pati tan kêna gingsir | wus panduming Yang Widi | saking tulis lohingmahpul | lah paduka kantuna | kang raka ngandika aris | lah ta iya yayi kang pênêt ing marga || |
| 02.18 | pan sampun Ki Selarasa | nêngah ing pulo tumuli | ana wukir lêbak-lêbak | ningali toya awêning | ing sabrangan kaèksi | bêbanjaran wohing anbut | kang pêlêm wohe sinang | bangwang bêmbêm kawèni |[2] jêruk jirêt salak kapundhung rambutan || |
| 02.19 | sêkathahing kang wowohan | pan lagya sêdhêng ngêmohi | samăngka jingga lan nanas | capêdhak lan jêruk kuwik | durèn manggis anggêrit | arêmpayak wohe antub | sêgayuhan pan kêna | dhuku langsêp runtuh sami | angrêmpayak sami rinambatan sêdhah || |
| 02.20 | Selarasa linging nala | iki parmining Yyang Widi | manggih têtambane lapa | lajêng anabrang tumuli | Selarasa ningali | maring wong kang lagya lungguh | anèng ing sela karang | kagubêd ing ayot[3] sami | Selarasa cêngêng dènira tumingal || |
| 02.21 | kêkasihe ingkang tapa | awasta Ki Sèh Nursaid | sampun angsal tigang jaman | lamine amêsu ragi | tan mawi dhahar guling | mung kukusing sarwa santun | ingkang ingaras-aras | kang minăngka dhaharnèki [[f. 8r]] | mung Yyang Suma[4] kang kaèsthi i[5] jro nala || |
| 02.22 | kagyat wau ingkang tapa | patapan kadya ginunjing | alinggih lir kajungjunga | rêbah kayon kanan kèri | kasêrang dening angin | sêkare pan samya runtuh | angucap jroning nala | prabawaning apa iki | mulat muring katingalira kang tapa || |
| 02.23 | waspawos[6] wau [[f. 8v]: wa...u] kang tapa | yèn wontên rare kang prapti | Selarasa wus uninga | yèn wontên ingkang darbèni | eca dènnya ningali | wowohan kang sami runtuh | kayu sapindhah sêmpal | sangêt kasêrang ing angin | Selarasa ing manah ragi muringah || |
| 02.24 | saya parêk Selarasa | kang tapa nulya ningali | kagyat wau tingalira | wong ngêndi baya puniki | rare lucu apêkik | dening gagombak kakuncung | wêruh mring pulo Nila | wong akèh pilih kang uning | pilih wonge kang wêruh mring pulo Nila || |
| 02.25 | angucap sajroning nala | pantês têrahing abêcik | anak putunira mangka | mulane prapta ing ngriki | yèn dudu wong abêcik | măngsa kasia[7] katêmu | patapan iki simpar | pilih kang têka mariki | lan kêtara têkène[8] mawi jalajat || |
8–9 dari 143
| 1 | kakang. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: bangwang bêmbêm lan kawèni. (kembali) |
| 3 | oyot. (kembali) |
| 4 | Sukma (dan di tempat lain). (kembali) |
| 5 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | waspaos. (kembali) |
| 7 | kangsia. (kembali) |
| 8 | têkane. (kembali) |