Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 40
8–9 dari 143
75–84 dari 1.427
02.19 sêkathahing kang wowohan | pan lagya sêdhêng ngêmohi | samăngka jingga lan nanas | capêdhak lan jêruk kuwik | durèn manggis anggêrit | arêmpayak wohe antub | sêgayuhan pan kêna | dhuku langsêp runtuh sami | angrêmpayak sami rinambatan sêdhah ||
02.20 Selarasa linging nala | iki parmining Yyang Widi | manggih têtambane lapa | lajêng anabrang tumuli | Selarasa ningali | maring wong kang lagya lungguh | anèng ing sela karang | kagubêd ing ayot[1] sami | Selarasa cêngêng dènira tumingal ||
02.21 kêkasihe ingkang tapa | awasta Ki Sèh Nursaid | sampun angsal tigang jaman | lamine amêsu ragi | tan mawi dhahar guling | mung kukusing sarwa santun | ingkang ingaras-aras | kang minăngka dhaharnèki [[f. 8r]] | mung Yyang Suma[2] kang kaèsthi i[3] jro nala ||
02.22 kagyat wau ingkang tapa | patapan kadya ginunjing | alinggih lir kajungjunga | rêbah kayon kanan kèri | kasêrang dening angin | sêkare pan samya runtuh | angucap jroning nala | prabawaning apa iki | mulat muring katingalira kang tapa ||
02.23 waspawos[4] wau [[f. 8v]: wa...u] kang tapa | yèn wontên rare kang prapti | Selarasa wus uninga | yèn wontên ingkang darbèni | eca dènnya ningali | wowohan kang sami runtuh | kayu sapindhah sêmpal | sangêt kasêrang ing angin | Selarasa ing manah ragi muringah ||
02.24 saya parêk Selarasa | kang tapa nulya ningali | kagyat wau tingalira | wong ngêndi baya puniki | rare lucu apêkik | dening gagombak kakuncung | wêruh mring pulo Nila | wong akèh pilih kang uning | pilih wonge kang wêruh mring pulo Nila ||
02.25 angucap sajroning nala | pantês têrahing abêcik | anak putunira mangka | mulane prapta ing ngriki | yèn dudu wong abêcik | măngsa kasia[5] katêmu | patapan iki simpar | pilih kang têka mariki | lan kêtara têkène[6] mawi jalajat ||
02.26 Sèh Nursaid angêndika | ing rare wau kang prapti | ki putu kêparèng ngarsa | bagus linggiha ing ngriki | ara bayaning kaki | ing kene barênga lungguh | sajroning manahira | iki wong rame ing budi | sun têteja ya ta wijiling kusuma ||
02.27 alon ta Ki Selarasa | kang tapa wus dèn parêki | malar asunga usada | marang lara lapa mami | amung ta lah mênawi | Selarasa nulya ngujung | munggah ing undhak tiga | tur sarya amêpês dhiri | Selarasa matur sarya apranata ||
02.28 alon matur Selarasa | nuhun kawula yang kaki | anêdha sih pangapura | rèh kawula kumawani | minggah dhatêng mariki | sakêlangkung kumapurun | inggih nuhun paduka | rèhning dasih kawêlasasih |[7] Sèh Nursaid ngandika akèn marêka ||
8–9 dari 143

 


oyot. (kembali)
Sukma (dan di tempat lain). (kembali)
ing (dan di tempat lain). (kembali)
waspaos. (kembali)
kangsia. (kembali)
têkane. (kembali)
Lebih satu suku kata: rèhning dasih kawlasasih. (kembali)