Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 40
8–9 dari 143
77–86 dari 1.427
| 02.21 | kêkasihe ingkang tapa | awasta Ki Sèh Nursaid | sampun angsal tigang jaman | lamine amêsu ragi | tan mawi dhahar guling | mung kukusing sarwa santun | ingkang ingaras-aras | kang minăngka dhaharnèki [[f. 8r]] | mung Yyang Suma[1] kang kaèsthi i[2] jro nala || |
| 02.22 | kagyat wau ingkang tapa | patapan kadya ginunjing | alinggih lir kajungjunga | rêbah kayon kanan kèri | kasêrang dening angin | sêkare pan samya runtuh | angucap jroning nala | prabawaning apa iki | mulat muring katingalira kang tapa || |
| 02.23 | waspawos[3] wau [[f. 8v]: wa...u] kang tapa | yèn wontên rare kang prapti | Selarasa wus uninga | yèn wontên ingkang darbèni | eca dènnya ningali | wowohan kang sami runtuh | kayu sapindhah sêmpal | sangêt kasêrang ing angin | Selarasa ing manah ragi muringah || |
| 02.24 | saya parêk Selarasa | kang tapa nulya ningali | kagyat wau tingalira | wong ngêndi baya puniki | rare lucu apêkik | dening gagombak kakuncung | wêruh mring pulo Nila | wong akèh pilih kang uning | pilih wonge kang wêruh mring pulo Nila || |
| 02.25 | angucap sajroning nala | pantês têrahing abêcik | anak putunira mangka | mulane prapta ing ngriki | yèn dudu wong abêcik | măngsa kasia[4] katêmu | patapan iki simpar | pilih kang têka mariki | lan kêtara têkène[5] mawi jalajat || |
| 02.26 | Sèh Nursaid angêndika | ing rare wau kang prapti | ki putu kêparèng ngarsa | bagus linggiha ing ngriki | ara bayaning kaki | ing kene barênga lungguh | sajroning manahira | iki wong rame ing budi | sun têteja ya ta wijiling kusuma || |
| 02.27 | alon ta Ki Selarasa | kang tapa wus dèn parêki | malar asunga usada | marang lara lapa mami | amung ta lah mênawi | Selarasa nulya ngujung | munggah ing undhak tiga | tur sarya amêpês dhiri | Selarasa matur sarya apranata || |
| 02.28 | alon matur Selarasa | nuhun kawula yang kaki | anêdha sih pangapura | rèh kawula kumawani | minggah dhatêng mariki | sakêlangkung kumapurun | inggih nuhun paduka | rèhning dasih kawêlasasih |[6] Sèh Nursaid ngandika akèn marêka || |
| 02.29 | Sèh Nursaid angandika | kaki putu saking ngêndi | anyar têmbene katingal | pun [[f. 9r]: pu...n] kaki têmbe ningali | marêk dhatêng Yang Widi | apa ingkang sira jaluk | lah mara sujarwaa | ki putu dipun sayakti | Selarasa ature măngsa kilapa || |
| 02.30 | Sèh Nursaid ngandika |[7] iya ki putu wus ngarti | sinangsangya[8] lakunira | jinaga dèn priha mati | sadulurira aji | langkunge murkanerèku | mring sira iku nyawa | iya dèn êprih kasèsi | lakunira prapta arêp jaluk sêga || |
8–9 dari 143
| 1 | Sukma (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | waspaos. (kembali) |
| 4 | kangsia. (kembali) |
| 5 | têkane. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: rèhning dasih kawlasasih. (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata: Sèh Nursaid angandika. (kembali) |
| 8 | sinangsaya. (kembali) |