Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 40
8–9 dari 143
79–88 dari 1.427
02.23 waspawos[1] wau [[f. 8v]: wa...u] kang tapa | yèn wontên rare kang prapti | Selarasa wus uninga | yèn wontên ingkang darbèni | eca dènnya ningali | wowohan kang sami runtuh | kayu sapindhah sêmpal | sangêt kasêrang ing angin | Selarasa ing manah ragi muringah ||
02.24 saya parêk Selarasa | kang tapa nulya ningali | kagyat wau tingalira | wong ngêndi baya puniki | rare lucu apêkik | dening gagombak kakuncung | wêruh mring pulo Nila | wong akèh pilih kang uning | pilih wonge kang wêruh mring pulo Nila ||
02.25 angucap sajroning nala | pantês têrahing abêcik | anak putunira mangka | mulane prapta ing ngriki | yèn dudu wong abêcik | măngsa kasia[2] katêmu | patapan iki simpar | pilih kang têka mariki | lan kêtara têkène[3] mawi jalajat ||
02.26 Sèh Nursaid angêndika | ing rare wau kang prapti | ki putu kêparèng ngarsa | bagus linggiha ing ngriki | ara bayaning kaki | ing kene barênga lungguh | sajroning manahira | iki wong rame ing budi | sun têteja ya ta wijiling kusuma ||
02.27 alon ta Ki Selarasa | kang tapa wus dèn parêki | malar asunga usada | marang lara lapa mami | amung ta lah mênawi | Selarasa nulya ngujung | munggah ing undhak tiga | tur sarya amêpês dhiri | Selarasa matur sarya apranata ||
02.28 alon matur Selarasa | nuhun kawula yang kaki | anêdha sih pangapura | rèh kawula kumawani | minggah dhatêng mariki | sakêlangkung kumapurun | inggih nuhun paduka | rèhning dasih kawêlasasih |[4] Sèh Nursaid ngandika akèn marêka ||
02.29 Sèh Nursaid angandika | kaki putu saking ngêndi | anyar têmbene katingal | pun [[f. 9r]: pu...n] kaki têmbe ningali | marêk dhatêng Yang Widi | apa ingkang sira jaluk | lah mara sujarwaa | ki putu dipun sayakti | Selarasa ature măngsa kilapa ||
02.30 Sèh Nursaid ngandika |[5] iya ki putu wus ngarti | sinangsangya[6] lakunira | jinaga dèn priha mati | sadulurira aji | langkunge murkanerèku | mring sira iku nyawa | iya dèn êprih kasèsi | lakunira prapta arêp jaluk sêga ||
02.31 ing kene ta lăngka sêga | pun kaki sampun udani | ora katêmu ing sêga | mung gandane sêkar sari | ingkang minăngka bukti | amung gandane kang santun | Sèh Nursaid kèngêtan | pituture ingkang dhingin | angandika Nursaid ing Selarasa ||
02.32 ki putu sok tumukula[7] | Selarasa anukêmi[8] | binêdhol kêkuncungira | angsal tigang lêmbar iki | ki putu ênyak iki | dokêna ing pusêripun | pan warêp[9] tan pangan |[10] rambutira pan kêkalih | êdumêna ki putu salêmbar sowang ||
8–9 dari 143

 


waspaos. (kembali)
kangsia. (kembali)
têkane. (kembali)
Lebih satu suku kata: rèhning dasih kawlasasih. (kembali)
Kurang satu suku kata: Sèh Nursaid angandika. (kembali)
sinangsaya. (kembali)
tumungkula. (kembali)
anungkêmi (dan di tempat lain). (kembali)
warêg. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: pan warêg tanpa pangan. (kembali)