Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 40
9–10 dari 143
82–91 dari 1.427
| 02.26 | Sèh Nursaid angêndika | ing rare wau kang prapti | ki putu kêparèng ngarsa | bagus linggiha ing ngriki | ara bayaning kaki | ing kene barênga lungguh | sajroning manahira | iki wong rame ing budi | sun têteja ya ta wijiling kusuma || |
| 02.27 | alon ta Ki Selarasa | kang tapa wus dèn parêki | malar asunga usada | marang lara lapa mami | amung ta lah mênawi | Selarasa nulya ngujung | munggah ing undhak tiga | tur sarya amêpês dhiri | Selarasa matur sarya apranata || |
| 02.28 | alon matur Selarasa | nuhun kawula yang kaki | anêdha sih pangapura | rèh kawula kumawani | minggah dhatêng mariki | sakêlangkung kumapurun | inggih nuhun paduka | rèhning dasih kawêlasasih |[1] Sèh Nursaid ngandika akèn marêka || |
| 02.29 | Sèh Nursaid angandika | kaki putu saking ngêndi | anyar têmbene katingal | pun [[f. 9r]: pu...n] kaki têmbe ningali | marêk dhatêng Yang Widi | apa ingkang sira jaluk | lah mara sujarwaa | ki putu dipun sayakti | Selarasa ature măngsa kilapa || |
| 02.30 | Sèh Nursaid ngandika |[2] iya ki putu wus ngarti | sinangsangya[3] lakunira | jinaga dèn priha mati | sadulurira aji | langkunge murkanerèku | mring sira iku nyawa | iya dèn êprih kasèsi | lakunira prapta arêp jaluk sêga || |
| 02.31 | ing kene ta lăngka sêga | pun kaki sampun udani | ora katêmu ing sêga | mung gandane sêkar sari | ingkang minăngka bukti | amung gandane kang santun | Sèh Nursaid kèngêtan | pituture ingkang dhingin | angandika Nursaid ing Selarasa || |
| 02.32 | ki putu sok tumukula[4] | Selarasa anukêmi[5] | binêdhol kêkuncungira | angsal tigang lêmbar iki | ki putu ênyak iki | dokêna ing pusêripun | pan warêp[6] tan pangan |[7] rambutira pan kêkalih | êdumêna ki putu salêmbar sowang || |
| 02.33 | atampi Ki Selarasa | wontên ing ngandhap pinundhi | Sèh Nursaid angandika | uwis lungaa dèn aglis | age budhala maning | ngulon ana desa agung | iku dèn paranana | besuk yèn praptèng nêgari | dadi kêmbang ing payudan putu sira || |
| 02.34 | Selarasa nulya nêmbah | mring ngarsa nulya ngujungi | yang kaki nuhun kawula | anuhun bêrkat kiyai | ing kula ing yang kaki | sakêlangkung nêdha nuhun | Sèh Nursaid ngandika | iya putu dèn agêlis | nanging sira dèn ati-ati ing marga || |
| 02.35 | bisuk sira nêmu baya | nanging tan kêna ing pati | iku gusti lampahana | yèn uwis têkèng nêgari | jamaking wong ajurit | ing besuk [[f. 9v]: be...suk] sira tinêmu | ingkang dadi kamulyan | uwis jangjining Yang Widi | sira besuk dada[8] kalifa[9] ing dota[10] || |
9–10 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: rèhning dasih kawlasasih. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: Sèh Nursaid angandika. (kembali) |
| 3 | sinangsaya. (kembali) |
| 4 | tumungkula. (kembali) |
| 5 | anungkêmi (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | warêg. (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata: pan warêg tanpa pangan. (kembali) |
| 8 | dadi. (kembali) |
| 9 | kalifah. (kembali) |
| 10 | donya. (kembali) |