Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 40
9–10 dari 143
87–96 dari 1.427
| 02.31 | ing kene ta lăngka sêga | pun kaki sampun udani | ora katêmu ing sêga | mung gandane sêkar sari | ingkang minăngka bukti | amung gandane kang santun | Sèh Nursaid kèngêtan | pituture ingkang dhingin | angandika Nursaid ing Selarasa || |
| 02.32 | ki putu sok tumukula[1] | Selarasa anukêmi[2] | binêdhol kêkuncungira | angsal tigang lêmbar iki | ki putu ênyak iki | dokêna ing pusêripun | pan warêp[3] tan pangan |[4] rambutira pan kêkalih | êdumêna ki putu salêmbar sowang || |
| 02.33 | atampi Ki Selarasa | wontên ing ngandhap pinundhi | Sèh Nursaid angandika | uwis lungaa dèn aglis | age budhala maning | ngulon ana desa agung | iku dèn paranana | besuk yèn praptèng nêgari | dadi kêmbang ing payudan putu sira || |
| 02.34 | Selarasa nulya nêmbah | mring ngarsa nulya ngujungi | yang kaki nuhun kawula | anuhun bêrkat kiyai | ing kula ing yang kaki | sakêlangkung nêdha nuhun | Sèh Nursaid ngandika | iya putu dèn agêlis | nanging sira dèn ati-ati ing marga || |
| 02.35 | bisuk sira nêmu baya | nanging tan kêna ing pati | iku gusti lampahana | yèn uwis têkèng nêgari | jamaking wong ajurit | ing besuk [[f. 9v]: be...suk] sira tinêmu | ingkang dadi kamulyan | uwis jangjining Yang Widi | sira besuk dada[5] kalifa[6] ing dota[7] || |
| 02.36 | Selarasa angandika | Sèh Nursaid ajampèni | sun têtêdha ing Yyang Suma | sakèh dewa padha asih | jayaa sira benjing | awèha marga rahayu | malikat rumêksaa | ing salamining dumadi | muga-muga jinujunga[8] jênêngira || |
| 02.37 | wus amit Ki Selarasa | alon dènira lumaris | lampahira kêbêtengan | sarira lêsu kêpati | prapta pinggir pasisir | kawarnaa ingkang kantun | Rahadèn Selasyara | Selagănda tansah nangis | Selarasa kang sinambat ing karuna || |
| 02.38 | Selasyara pan karuna | sarya ling dhatêng kang rayi | Selagănda duganira | Selarasa baya mati | lah payo tinut buri | barêng mati wong tatêlu | tan dangu nulya prapta | Selarasa saking wingking | sarya angling raka karuna ngapaa || |
| 02.39 | Selarasa amiyarsa | yèn syaraning raka nangis | pinêthuk nrinangkul[9] enggal | kang rayi aglis nukêmi | kang raka ngandika ris | adhuh gusti ariningsun | sun nyana wus palastra | Selarasa matur aris | lah kèndêla raka sampun akaruna || |
| 02.40 | yèn dening paduka lapa | punika têtaba[10] pêrih | rambut kawula salêmbar | dokêna ing pusêr iki | gawe jimat paripih | warêk[11] tan mangan iku |[12] kang raka ika mojar | sajroning manah pribadi | pantês yayi olih rahêmating Yang Sukma |[13]| |
9–10 dari 143
| 1 | tumungkula. (kembali) |
| 2 | anungkêmi (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | warêg. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: pan warêg tanpa pangan. (kembali) |
| 5 | dadi. (kembali) |
| 6 | kalifah. (kembali) |
| 7 | donya. (kembali) |
| 8 | jinunjunga (dan di tempat lain). (kembali) |
| 9 | rinangkul. (kembali) |
| 10 | têtămba (dan di tempat lain). (kembali) |
| 11 | warêg (dan di tempat lain). (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata: warêg datan mangan iku. (kembali) |
| 13 | Lebih satu suku kata: pantês yayi olih rahmating Yang Sukma. (kembali) |