Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 40
10–11 dari 143
96–105 dari 1.427
02.40 yèn dening paduka lapa | punika têtaba[1] pêrih | rambut kawula salêmbar | dokêna ing pusêr iki | gawe jimat paripih | warêk[2] tan mangan iku |[3] kang raka ika mojar | sajroning manah pribadi | pantês yayi olih rahêmating Yang Sukma |[4]|
02.41 sarya anampani sigra | wau kang raka kêkalih | dinuman salêmbar sowang | sampun kinarya paripih | tumulya sêgêr sami | Selarasa nulya muwus | raka anêdha minggah | ing palwa samya ngulari [[f. 10r]: ngu...lari] | nêgara gung tinêmbang yuda kênaka ||
3. Pangkur
03.01 Radèn katiga rangkulan | anèng ngandhap wrêksa gêng puniki |[5] Radèn Selarasa matur | kakang dawêk abidhal | dhatêng palwa kang raka aris amuwus | yayi bênêr sira uga | pulo ki kaliwat singit ||
03.02 Radèn Selagănda ngucap | yayi payo padha alêloloni | mênawi sêlêk rob banyu | dadi tan bisa munggah | dhatêng palya tan dangu anulya [[f. 10v]: anu...lya] rawuh | mring prau onèng pinggiran | samodra ing pulo iki ||
03.03 wus mancal saking pinggiran | pulo Nila silêm datan kaaksi | mangulon palayaripun | Selarasa nèng wuntat | raka kalih dadi juru batu ngayun | kathah baita kêpapak[6] | kapal pragata lan kèci ||
03.04 wus mancal saking pinggiran | pulo Nila silêm datan kaaksi | mangulon pêlayaripun | Selasara[7] nèng wuntat | raka kalih dadi juru batu ngayun | kathah baitra kapapag | kapal pragata lan kèci ||
03.05 ana palya lêlayaran | kêdhap-kêdhap ika palwaning Anggris | wong Mêla[8] nugang[9] sêlup |[10] wontên malih katingalan |[11] lêlayaran pêlalange wong Balitung | sahing wong Tulang Bawang |[12] kang alok bêbajo iki ||
03.06 Selagănda angandika | ika yayi tingalana dèn yakti | wong Tulang Bawang puniku | biluk arsa bêbajak[13] | dèn agancang yayi kita bok sinusul | kêbating yèn sinusula | tan wande dèn êdol bijing[14] ||
03.07 wontên malih lêlayaran | layar kastub baita saking Prênggi | kang layar sutra wong Ngêrum | layar mari wong Surat | êjong Cina layar godhong pring tinutus | ana layar cindhe kêmbang | anênggih palwa Si Kêling ||
03.08 ana ingkang layar mutha | kang sawênèh layare kastub kuning | kang palwa asrang asêlur | kapapak piduluran | tiningalan lir pendah kakupu tarung | ana kang layar mangetan | sawênèh ngulon bêbalik ||
10–11 dari 143

 


têtămba (dan di tempat lain). (kembali)
warêg (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: warêg datan mangan iku. (kembali)
Lebih satu suku kata: pantês yayi olih rahmating Yang Sukma. (kembali)
Kurang satu suku kata: anèng ngandhap wrêksa agêng puniki. (kembali)
kêpapag (dan di tempat lain). (kembali)
Selarasa. (kembali)
mêlayu. (kembali)
nunggang. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: wong mêlayu nunggang sêlup. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: wontên malih katingal. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: kesahing wong Tulang Bawang. (kembali)
13 bêbajag. (kembali)
14 binjing (dan di tempat lain). (kembali)