Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20–21 dari 40
72 dari 143
711–720 dari 1.427
20.25 kyana patih amilihi êjin | Selarasa apamit ing rama | aris nêmbah lan garwane | sampunira angunjung | mring sang nata tumulya mijil | sapraptanira jaba | Selarasa ngrasuk | busana baju makutha | kyana patih sampun angabahi tèji | katur dhatêng kang putra ||
20.26 sampun mangkat saking Pulo Rukmi | pan kairing êjin kawan dasa | langkung siji lan patihe | tan kawarna ing ênuh | sampun prapta Guwa Panitis | tumêdhak sing ngambara | kyana patih wau | Si Karun ambukak lawang | tutup guwa watu ingalapan agêlis |[1] wiyar ingkang guwa |[2]|
20.27 wus malêbêt wau Jayèngrêsmi | lan kang garwa katiga [[f. 68r]: ka...tiga] ni êmban | Patih Nurjaman lampahe | anèng jawi amangun | pakêmitan sela tumawing | lir gêdhong tiyang songa | êjin kang sapuluh | mangun gêdhogane kuda | sambarane munggyèng jroning guwa mijil | pisan pêrnahe kuda ||
20.28 wus palastha dadanane jawi | Selarasa amit ingkang garwa | arsa tinjo ing wangsane | miyos ing jawi sampun | Kyana Patih Nurjaman angling | kadya pundi ki putra | têka enggal mêtu | tan lami ing jroning guwa | Selarasa umatur dhatêng kya patih | mapan miwal kungêna ||
21. Pocung
21.01 mapan agung sêmang kawula yèn emut | ing putra sampeyan | paman tuduhêna gone |[3] yèn wus prapta paman paduka wangsula ||
21.02 patih muwus dawêg gusti sun ajurung | ing karsane anak | lan êjin iku sakabèh | lah karia dèn karêksa gustinira [[f. 68v]] ||
21.03 sampun tutuk wawêling anulya mabur | sêsangat kewala | wus prapta dhatêng pêrnahe | têngah dalu praptane ing wismanira ||
21.04 nulya muwus kya patih inggih puniku | rupane kang desa | kang putra kalih prênahe | ingkang mujur dalême katingal |[4]|
21.05 Selarasa aris dènira amuwus | dawêk ta lah paman | paduka tilare kene | dika mantuk ing Pulo Rumi[5] dèn enggal ||
21.06 Kya Patih Nurjaman ngrangkul kang sunu |[6] iya ta lah nyawa | pun paman amit sing kene | dipun èngêt sadaya ing lampahira ||
72 dari 143

 


Lebih satu suku kata: tutup guwa watu ingalapan aglis. (kembali)
Kurang satu suku kata: awiyar ingkang guwa. (kembali)
Biasanya guru lagu i, tetapi untuk gatra ke-3 dalam Pupuh Pocung ini, guru lagu e hampir selalu (42 dari 43 bait) digunakan. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali)
Kurang dua suku kata: ingkang mujur ika dalême katingal. (kembali)
Rukmi. (kembali)
Kurang satu suku kata: Kyana Patih Nurjaman ngrangkul kang sunu. (kembali)