Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 40
74–75 dari 143
736–745 dari 1.427
| 21.22 | ya ta uwis padha mênênga nak ingsun | idhêpên si biyang | angur padha ngagèr-agèr | iku kêtan ing cêcêpon pususana || |
| 21.23 | Ni Rumsari amiyarsa ing pitutur | pangekaning driya | bênêr si bibi ujare | tinutupan lathine sih arinira || |
| 21.24 | uwis yayi aja nangis bok karungu | sirêp kang karuna | Selarasa têka dhèhèm | sarya muwus basane anjaluk lawang || |
| 21.25 | Bibi Sarpin angrungu wong jaluk pintu | kudhine dèn pasang | gupuh dènnya cawêt mangke | Bibi Sarpin anulya gawa garanggang || |
| 21.26 | Selarasa gupuh tyasira angrungu | ana jaluk lawang | langkung marase atine | ting karintêl anèng longan karuwêlan || |
| 21.27 | gêbyak pintu Selarasa aris muwus | hèh kang duwe wisma | si paman sapa jênênge | jaluk lawang manira arsa têtanya || |
| 21.28 | saya kukuh lawange dèn tindhihi lêsung |[1] lan galêbêk bubur |[2] dèn tindhihakên kipinge | Bibi Sarpin kukuh amasangi barang || |
| 21.29 | panyanane ika kokonane ratu | wong sraya nêgara | ing buri gêgaman gêdhe | saya kukuh dèn tidhihi punang lawang || |
| 21.30 | sinèbêtakên kanan kèrine pintu | wus pating palêsat | têtindhihe lawang kabèh | Selarasa wus manjing anèng i latar || |
| 21.31 | sawar[3] muwus êndê[4] ta ên-gone wau | ika kang karuna | ing umah iki abane | saking sirêp tan ana kang kapiyarsa || |
74–75 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: saya kukuh lawange dèn tindhih lêsung. (kembali) |
| 2 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
| 3 | sarwa. (kembali) |
| 4 | êndi. (kembali) |