Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21–22 dari 40
76 dari 143
751–760 dari 1.427
21.37 gupuh wangsul kang raka katiga wau | Kyai Selasyara | angadêg ing latar bae | Selarasa anukêmi padanira ||
21.38 sarêng mêngkul Selasyara arinipun | rame akaruna | Bibi Sarpin pamuwuse | Bapa Sarpin mènèha gawaa damar ||
21.39 sauripun Ki Sarpin lah bêbathangmu | kang agawe gita | latar dèn borangi kabèh | ingsun kêna borang ora bisa obah ||
21.40 saking dalu dêlasan têka ing esuk | samya rêngrangkulan[1] | Selarasa lan wangsane | byar raina Selarasa wus katingal ||
21.41 yèn kang rayi ngangge makutha brang murub | èsmu kagawokan [[f. 71v]: kaga...wokan] | aningali ing wêrnane | byar raina Selarasa pituturan ||
21.42 polahipun anglêlana wus dèn tutur | mangkana kang raka | tutur Lubama lampahe | malah-malah desa Mundhu wus de rusak ||
21.43 karsanipun Selarasa nganti waktu | ecane petangan | Ki Lobama dèn rêbuti | nganti sangat ing dina brot angarang kasmaran |[2]|
22. Asmaradana
22.01 kawarnaa ta ing mangkin | sigêgên kang anèng desa | Ki Selarasa lampahe | wuwusên Sri Naradipa | ing Atashulu ika | sineba wanci rong dhawuh | pêpêk mantri lan satriya ||
22.02 jêksa kêlayan pêpatih | umarêk ana ing ngarsa | ingapit ulubalange | kalih atus kèri kanan | ingkang lungguh ing ngarsa | tumbak bêdhil lawan tulup | sinikêpan kolêm pêdhang ||
22.03 kyana patih matur aris | pukulun kadya punapa | gêgêbal tuwan sakabèh | pra jaka [[f. 72r]: ja...ka] kang kinujara | sêdaya tur prasêca | yèn wontêna manahipun | awona ing sri nalendra ||
76 dari 143

 


rêrangkulan. (kembali)
Lebih dua suku kata: nganti sangat ing dina ngarang kasmaran. (kembali)