Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 40
72–73 dari 143
719–728 dari 1.427
| 21.05 | Selarasa aris dènira amuwus | dawêk ta lah paman | paduka tilare kene | dika mantuk ing Pulo Rumi[1] dèn enggal || |
| 21.06 | Kya Patih Nurjaman ngrangkul kang sunu |[2] iya ta lah nyawa | pun paman amit sing kene | dipun èngêt sadaya ing lampahira || |
| 21.07 | sampun mabur Patih Nurjaman ing wau | kantun Selarasa | angulati ing lawange | Selarasa kaksana[3] sira miyarsa || |
| 21.08 | wong anangis èstri angiyêng angrungu | mangke kawuwusa | Rumsari ing panangise | pan sêdalu saking lara tangisira || |
| 21.09 | sadhatênge pawongira kang tutur |[4] ingkang aran Jumêna |[5] kapêlayu sing desane | tutur lamun Ki Lubama kabêndana || |
| 21.10 | ingkang dadi tangisira Ni Rumsantun | asêsambat bapa | kaningayane anake | ingkang gawe wiwitane manggih baya || |
| 21.11 | aparimènira yayi ramaningsun | wus nêmahi lara | saking sira kawitane | atêrêna ingsun yayi ing si rama || |
| 21.12 | Selasyara aturira manis arum | adhuh sanak ingwang | kakang êmbok kala wite | batên wagêd kula mirêng ing pun paman || |
| 21.13 | sakêlangkung karaos durakaningsun | ing paman Lubama | dening larane dhirine | inggih saking kapondhokan ing kawula || |
| 21.14 | malah dhatêng babêndunira Yyang Agung | sanak kula ilang | tan kantênan ing gêsange | inggih saking [[f. 70r][6]: sa...king] kula kèn ngulari toya || |
72–73 dari 143
| 1 | Rukmi. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: Kyana Patih Nurjaman ngrangkul kang sunu. (kembali) |
| 3 | saksana. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: sadhatênge pawongira kang tinutur. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: kang aran Jumêna. (kembali) |
| 6 | Semestinya halaman f. 69r dan berikutnya f. 69v. Penomoran melompat satu folio. Karena sebelumnya sudah pernah melompat satu folio semestinya angka urut adalah f. 68r dan berikutnya f. 68v. (kembali) |