Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 40
73–74 dari 143
722–731 dari 1.427
21.08 wong anangis èstri angiyêng angrungu | mangke kawuwusa | Rumsari ing panangise | pan sêdalu saking lara tangisira ||
21.09 sadhatênge pawongira kang tutur |[1] ingkang aran Jumêna |[2] kapêlayu sing desane | tutur lamun Ki Lubama kabêndana ||
21.10 ingkang dadi tangisira Ni Rumsantun | asêsambat bapa | kaningayane anake | ingkang gawe wiwitane manggih baya ||
21.11 aparimènira yayi ramaningsun | wus nêmahi lara | saking sira kawitane | atêrêna ingsun yayi ing si rama ||
21.12 Selasyara aturira manis arum | adhuh sanak ingwang | kakang êmbok kala wite | batên wagêd kula mirêng ing pun paman ||
21.13 sakêlangkung karaos durakaningsun | ing paman Lubama | dening larane dhirine | inggih saking kapondhokan ing kawula ||
21.14 malah dhatêng babêndunira Yyang Agung | sanak kula ilang | tan kantênan ing gêsange | inggih saking [[f. 70r][3]: sa...king] kula kèn ngulari toya ||
21.15 nulya ngrangkul Rumsari ing arinipun | asru akaruna | katiga lara tangise | Selagănda anangis kalara-lara ||
21.16 Biyang Sarpin Bapa Sarpin padha ngrungu | kagèd dènnya nendra | miyarsa ing tangis rame | gidro-gidro Ni Sarpin têngahe latar ||
21.17 apa iku têka nangis dalu-dalu | wêwatêke lêpas | bêngi adoh karungune | baya lali anak ingsun yèn umpêtan ||
73–74 dari 143

 


Kurang satu suku kata: sadhatênge pawongira kang tinutur. (kembali)
Lebih satu suku kata: kang aran Jumêna. (kembali)
Semestinya halaman f. 69r dan berikutnya f. 69v. Penomoran melompat satu folio. Karena sebelumnya sudah pernah melompat satu folio semestinya angka urut adalah f. 68r dan berikutnya f. 68v. (kembali)