Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 40
76–77 dari 143
758–767 dari 1.427
22. Asmaradana
22.01 kawarnaa ta ing mangkin | sigêgên kang anèng desa | Ki Selarasa lampahe | wuwusên Sri Naradipa | ing Atashulu ika | sineba wanci rong dhawuh | pêpêk mantri lan satriya ||
22.02 jêksa kêlayan pêpatih | umarêk ana ing ngarsa | ingapit ulubalange | kalih atus kèri kanan | ingkang lungguh ing ngarsa | tumbak bêdhil lawan tulup | sinikêpan kolêm pêdhang ||
22.03 kyana patih matur aris | pukulun kadya punapa | gêgêbal tuwan sakabèh | pra jaka [[f. 72r]: ja...ka] kang kinujara | sêdaya tur prasêca | yèn wontêna manahipun | awona ing sri nalendra ||
22.04 mugi amanggiha wèsthi | kenging tulahing brahala | miwah mantri tuwan kabèh | sugri kang darbe tanaya | pan tumanggêh sêdaya | ing awone anakipun | nuhun pukulun sêdaya ||
22.05 sri naranata mangkya ling | ing sira sih kayangapa | wangwanganira dugane | ujare si ujum ika | ingkang dadi waldaka | karana wong akèh iku | kyana patih awotsêkar ||
22.06 yèn ing wingi patih aji | angaruhuni ing karsa | dhatêng pun ujum têtakon | kadya karsa sri nalendra | pun Ujum Sidik majar | kang dados teja ing dangu | yaktosipun maksih gêsang ||
22.07 nanging tan wontên ing ngriki | ing babêthèk datan ana | purun tinêtêk janggane | yèn wontêna anèng praja | sang nata angandika | manawa kang lolos iku | Si Lubama kaya ngapa ||
22.08 umatur pun Bandupati | pukulun yèn pun Lubama | mangke dados pamopone | tanpa yun angulatana | kandhêk wontên ing pasar | dèn cêngkalak manggut-manggut | cangkêmipun dikir jahar ||
22.09 yèn ing têdhanipun mukti | pun Lubama wontên pasar | dados pakaulaning wong | juwadah awarna-warna | singa laris dodolan | dhatêng pun Lobama asung | dagangane muwah arta ||
22.10 sang nata bêndu tan sipi | hèh patih lah undhangana | pacuhan ana kang awèh | mangan lawan pêpangan |[1] lan kajinêmanira | satus kon langlang puniku | Si Lubama konên mintar ||
76–77 dari 143

 


Kurang satu suku kata: mangan lawan pêpanganan. (kembali)