Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
22 dari 40
78–79 dari 143
777–786 dari 1.427
| 22.20 | marmine kêramat mijil | Ki Lubama langkung pasrah | ing saya lan salarane | mangkana ing pamrihira | ingka[1] lara matia | ingsun kang nglakoni iku | sok aja rare têtiga || |
| 22.21 | ana dening sri bupati | bênêr ingkang nrêrapêna[2] | ing ingsun pan wis ukume | pan lagi ingsun têmaha | iki sihe Yang Sukma | kang tumêka raganingsun | lah badan sira tuwuha || |
| 22.22 | kêsaru anulya prapti | kajinêmane sang nata | lir taksaka ing tandange | prapta dhatêng Ki Lubama | jinêjêl saking wuntat | lagi dhikir kang rumuhun | malah buncar kang wêdana || |
| 22.23 | kajinêman asru angling | iku ta lah rasakêna | mulane kandhêg ing kene | pan sira kinèn angrara | marang ing anakira | têka katungkula majuh | anglindhung ana ing pasar || |
| 22.24 | angling rada èsmu tangis | kyai lêrês andika |[3] ing wong nglakoni pakon |[4] mapan ingsun wong duraka | murang nitih ing praja | saking sangêt trisnaningsun | ing anak dadi tamara || |
| 22.25 | kiyai jêjêga maning | iya iku titahing Allah |[5] kang kongan dadi sanèke | iya titahing Yang Sukma | ganjarane wong salah | kajinêman srêngên asru | malih arsa anjêjêka || |
| 22.26 | tumulya tiba kêbanting | anglungsar wêdana pêjah | mêloncot[6] ilang kulite | sumingub pangrasanira | ya ta wus sri narampah | pan sampun binakta mantuk | sêpalih wong kajinêman || |
| 22.27 | bali anggawa gêgitik [[f. 74r]: gêgi...tik] | karsane anggitik ika | marang Ki Lubama mangko | kajinêman asru ngucap | sira wong panêluhan | rewang setan rewang antu | batur ingsun kabêbayan || |
| 22.28 | sarwi anggawa gagitik | pamukule kuwat-kuwat | wus malêstas[7] gêgitike | anibani kancanira | êndhasipun kang pêcah | kang sawiji malih mupuh | tibani ing kancanira || |
| 22.29 | nibani rewangenèki | wong têtiga sami pêjah | putusan wus kondur kabèh | wênèh tiba ing dêdalan | jêjêngkune nyuliwah | pêpincangan kapêlayu | nêmbah maring Ki Lubama || |
78–79 dari 143
| 1 | ingkang. (kembali) |
| 2 | nêrapêna. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: kiyai lêrês andika. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: ing wong nglakoni sapakon. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: yaiku titahing Allah. (kembali) |
| 6 | mêlocot. (kembali) |
| 7 | malêsat. (kembali) |