Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
22–23 dari 40
79–80 dari 143
788–797 dari 1.427
| 22.31 | kêkalih rumêksèng wêngi | roro angrêksa raina | ing wong kang tutuk [[f. 74v]] pasrahe | ingkang malekat satunggal | tan kêna yèn pisaha | angrêksa siyang lan dalu | ingkang wong kaya Lubama || |
| 22.32 | marmane luput gêgitik | tan kêna kinaningaa[1] | malaekat kang tan awèh | ana linge păncabaya | iku yèn kapantangan | sakèhing kang sêngit iku | malikat ingkang tan suka || |
| 22.33 | kunêng kang sêngit sirèki | ing wong linyok saprakara | kapindho ing wong dadêngkèn | ujubriya lan sêsungah | mangkana Ki Lubama | sêpi ing prakara iku | marmane rewang malekat || |
| 22.34 | têka ing waktu mahêrib | pêrandene dèn cêngkalak | tan arsa tuwang waktune | saya sru pamujinira | Ki Lubama asalat | ngadêg rukuk sujud lungguh | asta maksih cinêngkalak || |
| 22.35 | sampuning salat magêrib | dikir jahare kalintang | tan kawarnaa lampahe | Ki Lubama kawarnaa | Jumêna kang angrêrah | saking siyang malah dalu | angulati Ki Lubama || |
| 22.36 | karêngya syarane dikir | pinaranan wu wêspada | Jumêna wus bali age | karsane ayun apajar | marang ing gustinira | tan wruh yèn wis anèng pungkur | Rumsari awas tumingal || |
| 22.37 | ing ramane nandhang sakit | angrangkul nulya kantaka | angêlosot anèng pangkone |[2] Ki Lubama tan uninga | dhatêng putrane ika | nibèng pangkon pinitambuh | Selasyara Selagănda || |
| 22.38 | lumpuh samya dèn uculi | cêngkalak wus ingalapan | Lubama kagyat dêlinge | sapa iki sira baya | pêtêng agêgurangan | nguculi cêngkalak ingsun | kawruhan bilai sira || |
| 22.39 | Selasyara [[f. 75r]: Sela...syara] matur aris | kawula puniki paman | putra dika katigane | dening anèng pangkonira | kangbok Ni Rumsêkar |[3] Lubama asru kagêtun | tinêmbang maesa wiyat || |
| 23. Kinanthi | |
| 23.01 | adhuh gusti anak ingsun | si bapa kaya angipi | atêtêmu lawan sira | kang putra wus dèn raupi | ana banyu saking pinggan | puniku kêkarèn bukti || |
79–80 dari 143
| 1 | kinaningaya. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: anglosot anèng pangkone. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: kakangbok Ni Rumsêkar. (kembali) |